Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 8:12 - Kitab Sutji

12 mangka para putraning Kraton bakal padha kabuwang menyang pepeteng ing jaba, ing kono bakal ana tangis lan keroting untu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 8:12
19 Iomraidhean Croise  

Wong duraka padha ndeleng, banjur lara atine, nggeget untu banjur luluh; pepenginane wong duraka iku tumuju marang ing karusakan.


para abdiningSun bakal surak-surak marga saka senenging atine, nanging sira bakal padha sambat-sambat marga saka padha prihatin, sarta sira bakal padha nangis marga pepes semangatira.


Pategalan iku jagad. Wiji kang becik iku para putraning Kraton lan alang-alange iku para anake si pangawak dursila.


padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.


padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu.


Mulane Aku pitutur marang kowe, yen Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowe lan bakal diparingake marang sawijining bangsa kang bakal metokake wohe.


abdi mau bakal dipateni sarta dipadhakake karo para wong lamis. Ing kono kang bakal tinemu tangis lan keroting untu.”


Anadene batur kang tanpa guna iku uncalna menyang ing pepeteng kang banget petenge. Ing kono kang ana mung tangis lan keroting untu.”


Ing kono bakal ana panangis lan keroting untu, samasa kowe bakal padha weruh Rama Abraham lan Rama Iskak sarta Rama Yakub apadene sakabehing nabi padha ana ing Kratoning Allah, mangka kowe dhewe padha kabuwang menyang ing jaba,


Inggih panjenengan sadaya punika ingkang maris pameca-pameca punika saha angsal bagean tumrap ing prajanjian ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah kalayan leluhur kita, inggih punika nalika Panjenenganipun ngandika dhateng Rama Abraham: Marga saka turunira, kabeh bangsa salumahing bumi bakal kabarkahan.


Sabab iku kabeh padha wong Israel kang wus kaangkat dadi putra lan wis kaparingan kamulyan tuwin prajanjian-prajanjian sarta angger-anggering Toret, apadene sarengat lan prasetya-prasetya.


Guru-guru palsu iku kaya sumber kang asat, kaya mega kang kabuncang ing prahara; wong-wong iku wis padha kasadhiyanan panggonan kang peteng ndhedhet lelimengan kang nggegirisi banget.


Jalaran manawa Gusti Allah ora ngeman marang malaekat kang padha gawe dosa, nanging dicemplungake ing naraka, kapasrahake marang guwa-guwa peteng kanggo nyimpen nganti dinaning pangadilan;


Prasasat ombaking sagara kang mawalikan, kang ngunthukake kanisthane dhewe, padha kaya lintang-lintang kang wus kacawisan panggonan ana ing jagading pepeteng langgeng salawase.


Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.


Jangkahe wong kang kinasihan diayomi, nanging wong duraka bakal mati lebur ana ing pepeteng. Amarga panguwasaning wong ora saka karosane dhewe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan