Nanging sarehne Gusti Yesus ora kekilapan bab iku, banjur tedhak saka ing kono. Akeh wong kang padha ndherekake, dene kang lara padha diwarasake kabeh.
Banjur ana wong akeh kang padha gumrudug mrono nyowanake wong lumpuh, wong pincang, wong picak, wong bisu lan liya-liyane akeh, padha kasowanake ing ngarsane Gusti Yesus, kabeh banjur padha diwarasake.
Wong akeh padha gumrudug ndherekake tindake, pinangkane saka ing tanah Galilea, ing Dekapolis, ing Yerusalem lan ing tanah Yudea tuwin ing sabrange bengawan Yarden.
Ewasamono pawarta bab Gusti Yesus iku malah saya sumebar nganti adoh, lan banjur akeh wong kang padha gumrudug sowan ing ngarsane arep ngrungokake pangandikane sarta supaya lelarane kawarasake.