Pandongane lan kabule pandongane, sakehe dosane lan anggone ora setya, sakehing panggonan kang diedegi tengger-tengger pangurbanan, tugu-tugu brahala tuwin reca-reca tatahan, sadurunge panjenengane ngesorake sarira, lah kabeh iku padha katulisan ana ing riwayate para wong sidik.
Unjuke: “Kawula, Gusti.” Dhawuhe Gusti: “Ngadega, menyanga ing lurung kang aran Lurung Kenceng, menyanga ing omahe Yudas, golekana wong kang saka ing kutha Tarsus kang jenenge Saulus, saiki lagi ndedonga,