Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 7:7 - Kitab Sutji

7 “Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golek-goleka, temah bakal oleh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 7:7
43 Iomraidhean Croise  

Kacarita ing dina iku uga para abdine Rama Iskak teka ngaturi kabar bab anggone wus padha ndhudhuk sumur, ature: “Kula sampun sami angsal toya.”


Ana ing Gibeon iku Sang Yehuwah ngatingal marang Sang Prabu Suleman ing sajroning supena ing wayah bengi. Gusti Allah ngandika: “Nyuwuna apa kang bakal Sunparingake marang sira.”


Dhuh Yehuwah, pepenginanipun para tiyang ingkang katindhes sampun Paduka pirengaken. Manahipun Paduka santosakaken, talingan Paduka tumiling,


Tiyang duraka wicanten kaliyan nyungiraken irungipun: “Gusti Allah rak ora bakal nuntut!” sadaya gagasanipun mungel: “Ora ana Allah.”


Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang pinuji-puji, kawula mugi Paduka wulang pranatan Paduka;


Manah kawula ndherek dhumateng pangandika Paduka: “Sira ngupayaa wedananingSun.” Wedana Paduka inggih lajeng kawula upadosi, dhuh Yehuwah.


Payo padha ngluhurake Sang Yehuwah bareng karo aku, payo padha bebarengan nyuwurake asmane!


lan bungaha marga saka Sang Yehuwah, dadi kowe mesthi diparingi pepenginaning atimu.


Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” (Selah)


Ana ing paningaling Allah iku luwih becik katimbang sapi lanang, ngluwihi sapi lanang kang wus ana sungune lan atracak belah.


kajengipun mundur margi isin, ingkang sami mungel: “Sokur, sokur!”


Amargi Paduka punika sae, dhuh Pangeran, saha remen ngapunten, punapa malih sih-susetya Paduka punika luber tumrap tiyang ingkang sesambat dhumateng Paduka.


Ingsun ngasihi marang wong kang tresna marang Ingsun lan wong kang tlaten anggone ngupaya Ingsun, mesthi bakal ketemu.


Aku arep tangi lan mubeng-mubeng ing kutha ing lurung-lurung lan ing alun-alun Panjenengane dakgoleki, gantilaning atiku iku. Dakgoleki, nanging ora tinemu.


He bangsa ing Sion kang manggon ing Yerusalem, lah kowe ora bakal terus nangis. Pangeran mesthi bakal paring kawelasan marang kowe, samangsa kowe sesambat; ing wektu mireng panjeritmu, Panjenengane bakal paring wangsulan.


Sesambata marang Ingsun, Ingsun mesthi bakal maringi wangsulan marang sira, lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, prakara-prakara kang gedhe lan kang sinamar, yaiku bab-bab kang ora sira sumurupi.


Awit mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang turune Israel: “Sira padha ngupaya Ingsun, temah bakal urip!


Lan maneh Aku pitutur marang kowe: Manawa panunggalanmu ing donya ana wong loro kang saiyeg nyuwun apa bae, panyuwune iku bakal dikabulake dening RamaKu kang ana ing swarga.


Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, mesthi bakal kaparingake.”


Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.


Dadine yen kowe kang ala padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya maneh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengane.”


Sabab saben wong kang nyuwun, bakal tampa, sing golek bakal oleh lan sing thothok-thothok iku bakal kawenganan lawang.


Mulane Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang koksuwun lan kokdongakake, padha ngandela yen kowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iya bakal kaparingake marang kowe.


Manawa kang kagungan dalem wis jumeneng lan wis ngancing lawang, lan kowe wiwit ngadeg ana ing jaba ndhodhog lawang kalawan matur: Gusti, kawula nyuwun kori! Panjenengane bakal mangsuli mangkene: Aku ora ngreti, kowe iku saka ngendi.


Gusti Yesus paring pasemon marang para sakabate, kang wose supaya tansah padha ndedonga, aja nganti bosen.


Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu.


Manawa kowe padha tetep dumunung ana ing Aku lan pituturKu tetep dumunung ana ing kowe, padha nyenyuwuna apa bae kang kokkarepake mesthi bakal katurutan.


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.”


yaiku wong kang ngantepi panggawe becik, tansah ngupaya kamulyan sarta kaluhuran lan kalanggengan, wong iku bakal padha kaparingan urip langgeng,


Ora ana wong siji-sijia kang duwe budi, ora ana wong siji-sijia kang ngupaya Gusti Allah.


Nanging manawa tanpa pracaya mokal yen ndadekake keparenging Allah. Jalaran sing sapa sowan marang ngarsane Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengane.


Sarta pandonga kang metu saka pracaya iku bakal nylametake kang lara iku, lan bakal ditangekake dening Gusti; sarta manawa wong iku wis nglakoni dosa, dosane iku bakal diapura.


lan apa bae kang kita suwun, kita padha diparingi, amarga padha netepi sakehing pepakone sarta nglakoni apa kang ndadekake keparenge.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan