6 “Bareng kang suci aja kokwenehake marang asu, lan mutyaramu aja kokuncalake marang ngarepe babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyempal-nyempal kowe.”
Heh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripate sadulurmu.”
Lakuku kerep diancam ing bebaya banjir lan ing bebaya begal, bebaya saka wong Yahudi lan saka wong-wong kang dudu wong Yahudi, bebaya ana ing kutha, bebaya ana ing pasamunan, bebaya ana ing tengah sagara, lan bebaya saka kang padha mindha-mindha sadulur.
Mendah saya abote paukuman kang kudu kasangga dening wong kang ngidak-idak Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucekake, tuwin ngremehake Rohing sih-rahmat.
nanging kang padha murtad maneh, iku ora bisa dianyarake sapisan engkas, satemah padha mratobat, amarga prasasat nyalib Putrane Allah maneh kanggo awake dhewe, sarta ngremehake Panjenengane ing ngarepane wong akeh.
Kaanane wong-wong iku nocogi unine paribasan kang bener mangkene: “Asu mbaleni utah-utahane, sarta babi kang wis adus bali maneh menyang ing pagupakane.”
Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.