21 Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing swarga.
Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Rahayu kowe! Simon bin Yunus, amarga kang nglairake iku marang kowe dudu daging lan getih, nanging RamaKu kang ana ing swarga.
Poma, aja nganti ngremehake salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowe: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryane RamaKu kang ana ing Swarga.
Lan maneh Aku pitutur marang kowe: Manawa panunggalanmu ing donya ana wong loro kang saiyeg nyuwun apa bae, panyuwune iku bakal dikabulake dening RamaKu kang ana ing swarga.
Samono uga RamaKu kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumrap ing kowe, manawa kowe dhewe-dhewe ora gelem ngapura marang kaluputane sadulurmu kanthi terusing ati.”
Nanging nalika lagi padha lunga tuku lenga, mantene teka, prawan-prawan sing wis miranti padha melu manten lumebu menyang ing pahargyan, lawange banjur dikancing.
Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.
Panjenengane banjur tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi pancen saged, mugi tuwung punika sumingkir saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga sakarsa Paduka.”
Banjur tindak maneh kang kaping pindhone lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi tuwung punika boten saged sumingkir, kajawi kedah Kawula ombe, inggih sumangga ing sakarsa Paduka.”
Lan manawa mripatmu dadi sandhungan, cuplaken, awit luwih becik kowe lumebu ing Kratoning Allah kalawan pece, katimbang karo ganep mripatmu, nanging kacemplungake ing naraka,
Manawa kang kagungan dalem wis jumeneng lan wis ngancing lawang, lan kowe wiwit ngadeg ana ing jaba ndhodhog lawang kalawan matur: Gusti, kawula nyuwun kori! Panjenengane bakal mangsuli mangkene: Aku ora ngreti, kowe iku saka ngendi.
Manawa kowe padha wanuha marang Aku, mesthi kowe kabeh iya wanuh marang RamaKu. Wiwit saiki kowe padha wanuh marang Panjenengane sarta wus padha ndeleng marang Panjenengane.”
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.
Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.”
Ana ing kono rasul karone padha nyantosakake atine para siswa sarta paring piweling, supaya padha mantep ing pracaya apadene padha dipangandikani, yen anggon kita lumebu ing Kratoning Allah iku, kalawan nglakoni sangsara akeh.
Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.
aja mung manawa ana ing ngarepe bae kanggo nyenengake atining wong, nanging dikaya abdine Sang Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakake karsane Gusti Allah,
Salam saka Epafras marang kowe, dheweke asline saka ing antaramu, iku abdine Gusti Kristus Yesus, kang tansah ngganter anggone ndongakake kowe, supaya kowe tetep tanggon, kayadene wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsane Gusti Allah.
Ngakune padha wanuh marang Gusti Allah, nanging diselaki kalawan tingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh lan duraka sarta ora bisa nindakake samubarang kang becik.
muga-muga mirantenana kowe kalawan samubarang kabeh kang becik kanggo nindakake karsane, sarta nindakake ana ing antara kita apa sakeparenge, dening Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang sayogya kamulyakake nganti salawas-lawase! Amin.
Dadi wus cetha manawa ana wong sawatara kang bakal lumebu ing palereman iku, dene wong-wong kang wus luwih dhisik diwartani kabar kabungahan iku ora lumebu, amarga ora padha mbangun-miturut.
Rahayu wong kang padha ngumbah sandhangane. Iku kang bakal padha duwe wewenang tumrap wit-wit panguripan, lan lumebu ing kutha, liwat ing gapura-gapurane.
Sing sapa unggul, iku bakal dienggoni sandhangan putih kaya mangkono; lan jenenge mesthi bakal ora Sunbirat saka ing buku kauripan, sarta jenenge bakal Sunakeni ana ing ngarsane RamaningSun lan ing ngarepe para malaekate.