MATEUS 7:2 - Kitab Sutji2 Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala-becikmu. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowe. Faic an caibideil |
Mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sira ora padha ngestokake dhawuhingSun, kang supaya saben wong ngundhangake pangluwaran marang sapepadhane lan sadulure, mulane lah, Ingsun ngundhangake tumrap sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, kebebasan marang pedhang, pageblug lan pailan. Sira bakal Sundadekake kang njalari girise sakehing karajan ing bumi.
Pangandikane Sang Prabu Adhoni-Bezek: “Suwaunipun wonten ratu pitung dasa sami ndlosor wonten ing sangandhaping meja kula, ngukupi sisaning tedha, sadaya sami kaprotholan jempolaning tangan lan sukunipun; kadosdene ingkang sampun kula tindakaken, inggih makaten pamalesipun Gusti Allah dhateng kula.” Prabu Adhoni-Bezek mau tumuli digawa menyang ing Yerusalem lan seda ana ing kono.