MATEUS 7:11 - Kitab Sutji11 Dadine yen kowe kang ala padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya maneh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengane.” Faic an caibideil |
Bareng Sang Yehuwah mambet ganda arum, tumuli ngunandika mangkene: “Ing sabanjure Ingsun ora bakal nyupaosi bumi maneh jalaran saka manungsa, marga saobah-osiking atine manungsa iku dhasar ala wiwit nom mula; sarta ing sabanjure Ingsun ora bakal numpes maneh marang sarupane kumelip, kaya kang wus Suntindakake.
Kawula badhe mratelakaken sih-susetyanipun Pangeran Yehuwah, pakaryaning Sang Yehuwah ingkang misuwut, laras kaliyan sadaya ingkang katandukaken dening Pangeran Yehuwah dhumateng kita, tuwin kamirahanipun ingkang ageng dhumateng Banisrael ingkang tumandukipun laras kaliyan sih-piwelasipun tuwin cundhuk kaliyan sih-susetyanipun ingkang ageng.
Anak iku ngajeni bapakne, lan abdi iku ngajeni bendarane. Manawa Ingsun iku jumeneng Rama, endi pakurmatan kang marang Ingsun iku? Sarta manawa Ingsun iki dadi bendara, endi rasa wedi kang marang Ingsun iku? – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang kowe kabeh, – he, para imam kang ngremehake asmaningSun? Nanging sira padha munjuk pitakon: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula ngremehaken asma Paduka?”