Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 6:9 - Kitab Sutji

9 Marga saka iku ndedongaa mangkene: Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucekaken.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 6:9
43 Iomraidhean Croise  

Asma Paduka lajeng badhe dados agung ing salami-laminipun, temah tiyang nyebut Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel; kulawarganipun ingkang abdi Dawud badhe lestantun santosa wonten ing ngarsa Paduka.


mugi Paduka ugi karsa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, punapa dene Paduka mugi karsaa tumindak salaras kaliyan sadaya ingkang dipun unjukaken dening tiyang manca wau dhumateng Paduka, supados sadaya bangsa ing bumi sami tepang kaliyan asma Paduka, satemah sami ajrih dhumateng Paduka kados dene umat Paduka Israel saha lajeng sami sumerep, bilih asma Paduka kaucapaken tumrap ing padaleman ingkang sampun kawula degaken punika.


Manawi makaten asma Paduka badhe dados santosa lan agung ing salami-laminipun, satemah tiyang lajeng badhe ngucap: Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Gusti Allahe Israel iku jumeneng Gusti Allah kanggo wong Israel; brayatipun abdi Paduka lajeng badhe lestantun santosa wonten ing ngarsa Paduka.


sarta munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula sadaya, Paduka punapa sampun boten jumeneng Gusti Allah wonten ing swarga? Paduka punapa sanes ingkang ngwaosi sadaya karajaning bangsa? Paduka ingkang kadunungan pangwaos saha kakiyatan, satemah boten wonten tiyang ingkang keconggah nglawan Paduka.


Yesua, Kadmiel, Bani, Hasabneya, Serebya, Hodiya, Sebanya, lan Petahya, – iku wong Lewi kabeh – banjur padha ngucap mangkene: “Padha ngadega saosa puji marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, langgeng ing salawase! Dhuh Allah, pinujia asma Paduka ingkang mulya, ingkang kaluhuraken ngungkuli saliring pamuji kaliyan pakurmatan!”


Umate pinaringan pangentasan, Gusti Allah dhawuh supaya prajanjiane iku kanggo ing salawas-lawase, asmane iku suci sarta nggegirisi.


Allah kita ana ing swarga; nindakake ing sakarsane.


Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, Panjenengane kang nindakake kaelokan piyambakan!


Ingkang punika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, sapunika mugi Paduka karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados sakathahing karajan ing bumi sami sumerep, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Pangeran Yehuwah.”


Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.


Iku padha nguwuh sasauran, tembunge: “Suci, suci, suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah, saindenging bumi kebak ing kamulyane!”


Paduka punika rak Rama kawula sadaya? Rama Abraham saestu boten uninga punapa-punapa ing bab kawula sadaya, saha Rama Israel boten tepang kaliyan kawula sadaya. Dhuh Yehuwah, Paduka piyambak punika Rama kawula sadaya; asma Paduka punika “Panebus kawula” wiwit ing jaman kina.


Nanging sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka punika Rama kawula sadaya! Kawula sadaya punika lempung dene Paduka ingkang mangun kawula, sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Langit iku dhamparingSun lan bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun; sira arep padha ngedegake padaleman apa kagem Ingsun, sarta panggonan apa kang bakal dadi palerebaningSun?


Ingsun bakal nucekake asmaningSun kang luhur kang wus sira najisake ana ing satengahe para bangsa, kang sira najisake ana ing satengahe wong-wong iku. Satemah para bangsa bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing sangarepe para bangsa.


Ingsun bakal ngatingalake kamulyaningSun lan kasuceningSun sarta bakal ngatingalake sariraningSun ana ing sangarepe bangsa akeh, temah wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.


Amarga bumi bakal kawratanan kawruh bab kamulyaning Yehuwah, kayadene sagara anggone kasasaban ing banyu.


Sang Yehuwah nuli bakal jumeneng Ratu, misesani salumahing bumi; ing wektu iku mung Pangeran Yehuwah kang jumeneng mribadeni lan mung asmane kang ana.


Awitdene saka ing keblat pletheke srengenge, tekan keblat surupe, asmaningSun luhur ana ing antarane para bangsa, sarta ing saenggon-enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarane para bangsa, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


Manuk glathik loro apa ora mung payu saasarion? Ewadene siji bae ora ana kang tiba ing lemah, yen ora saka karsane Ramamu.


Apamaneh kowe aja nyebut rama marang sapa bae ana ing bumi iki, awit mung siji Ramamu, yaiku kang ana ing swarga.


Mung bae Aku pitutur marang kowe: Wiwit saiki Aku ora bakal ngombe maneh pametuning wit anggur iki, nganti tumeka dinane Aku ngombe kang anyar bebarengan karo kowe ana ing Kratoning RamaKu.”


Banjur tindak maneh kang kaping pindhone lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi tuwung punika boten saged sumingkir, kajawi kedah Kawula ombe, inggih sumangga ing sakarsa Paduka.”


Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”


Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”


Sabab, manawa kowe padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowe.


Nanging manawa kowe ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawange inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Dene Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.


Dadine yen kowe kang ala padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya maneh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengane.”


Aku dakmulih menyang ing daleme bapakku lan matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng swarga lan dhumateng bapak,


Anake matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng ing swarga tuwin dhumateng bapak. Kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih.


“Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”


Pangandikane Gusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lan padha kandhanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu.”


marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.


Awit kowe padha ora nampani rohing pangawulan kang njalari kowe dadi wedi maneh, nanging kowe wis padha nampani Sang Roh kang njalari kowe dadi putrane Gusti Allah. Marga saka Roh iku kita banjur padha nyebut: “Abba, Rama!”


Saka Paulus, rasul kang ora awit saka manungsa, uga ora dening manungsa, nanging dening Gusti Yesus Kristus lan Gusti Allah, Sang Rama, kang wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati,


Lan sarehne kowe iku padha dadi putra, mulane Gusti Allah wus ngutus Rohe Kang Putra marang ing sajroning ati kita, kang nguwuh: “Abba, Rama!”


Iya mung Panjenengane iku kang ora kena ing pati, kang akadhaton ana ing pepadhang, kang ora kena pinerakan, kang ora tau dineleng ing wong, jalaran pancen ora ana wong kang bisa ndeleng ing Panjenengane. Iya Panjenengane iku kang sayogya kagungan kaluhuran lan panguwaos kang langgeng! Amin.


Sarta manawa kowe padha nyebut Panjenengane Rama, yaiku kang ngadili kabeh wong manut panggawene tanpa pilih kasih, uripmu kalawan wedi-asih sajrone kowe mondhok ing donya iki.


“Dhuh Pangeran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.”


pangucape kalawan swara sora: “Sang Cempe ingkang sampun kapragat punika sembada nampeni panguwaos, lan kasugihan, sarta kawicaksanan, saha kakiyatan, tuwin kaurmatan, miwah kamulyan lan pangalembana.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan