7 Apamaneh, sajrone ndedonga, aja nganggo tembung akeh-akeh kaya adate wong kapir, awit iku padha nduweni pangira, yen marga saka akehing tembunge, pandongane bakal kabul.
Manawa ana ing sawijining dhaerah kowe nyumurupi wong miskin ditindhes lan angger-angger tuwin kaadilan katerak, kowe aja gumun, amarga kang pangkat dhuwur kang siji ngulat-ulatake sijine, mangkono uga kang luwih dhuwur pangkate padha ngulat-ulatake wong-wong mau.
Panjenengane banjur tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi pancen saged, mugi tuwung punika sumingkir saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga sakarsa Paduka.”
Banjur tindak maneh kang kaping pindhone lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi tuwung punika boten saged sumingkir, kajawi kedah Kawula ombe, inggih sumangga ing sakarsa Paduka.”
Nanging bareng wong-wong padha mangreti, yen iku wong Yahudi, banjur padha nguwuh-uwuh bebarengan nganti suwene kira-kira rong jam: “Agung Sang Artemis, sesembahane wong Efesus!”