6 Nanging manawa kowe ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawange inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Dene Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.
Sawuse lumebet, lawange tumuli kainebake, dadine mung kari panjenengane piyambak lan bocahe kang ana ing kamar. Nabi Elisa banjur ndedonga marang Sang Yehuwah.
Bareng wong akeh wis padha kadhawuhan mulih, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung piyambakan, arep ndedonga. Bengi iku Panjenengane piyambakan bae ana ing kono.
supaya anggonmu pasa aja katara marang wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan kang ora katon. Ing mengko Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.”
Natanael banjur munjuk: “Paduka nguningani kawula saking pundi?” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sadurunge kowe diajak dening Filipus, Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir.”
Pangandikane Gusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lan padha kandhanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu.”
Ature Kornelius: “Sakawan dinten kapengker ing wekdal kinten-kinten sami kaliyan sapunika, inggih punika jam tiga siyang, kula saweg ndedonga wonten ing griya.
Nanging kabeh nuli didhawuhi metu dening Rasul Petrus. Panjenengane banjur jengkeng lan ndedonga. Sawise mangkono nuli minger ngadhepake layon mau sarta ngandika: “Tabita, tangia!” Tabita nuli melek lan bareng ndeleng Rasul Petrus, banjur njenggelek linggih.
Sabab wong kang uripe kawengku ing daging, iku padha ngangen-angen kang mungguh ing daging; nanging wong kang uripe manut ing Sang Roh, pangangen-angene miturut Sang Roh.