Mulane yen kowe dedana, aja kokjuwarakake kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku wus padha tampa pituwase.
Banjur kadhawuhan dening Gusti Yesus: “Poma bab iki aja kokkandhakake marang sapa-sapa. Wis lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan caosa kurban, sing diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang wong.”
“Poma, kowe aja pisan-pisan kandha-kandha bab iki marang sapa bae, nanging lungaa, awakmu tuduhna marang imam, sarta caosna pisungsung birating najismu, kaya kang wis kadhawuhake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang wong kabeh.”
Sabab sadaya tiyang ingkang ngangkah dados kawigatosanipun tiyang kathah punika rak boten wonten ingkang tumindak kanthi sesidheman. Manawi Panjenengan nglampahi pandamel makaten punika, suwawi Panjenengan ngedheng dhateng jagad.”