MATEUS 6:12 - Kitab Sutji12 Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Faic an caibideil |
Paduka mugi inggih karsaa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, saha Paduka mugi karsaa paring pangapunten, karsaa tumindak tuwin paring piwales dhumateng sinten kemawon ingkang salaras kaliyan sakathahing lampah-lampahipun, awit Paduka nguningani manahipun – amargi namung Paduka ingkang nguningani manahipun sadaya para anaking manungsa –
Paduka mugi karsaa paring pangapunten dhumateng umat Paduka ingkang sampun dosa dhumateng Paduka punika, karsaa ngapunten sakathahing panerakipun ingkang katandukaken dhumateng Paduka punika, saha mugi Paduka karsaa ndadosaken tiyang-tiyang wau sami tampi sih-piwelasipun para tiyang ingkang mboyongi kadadosaken tawanan, satemah lajeng sami dipun welasi,