Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 6:10 - Kitab Sutji

10 Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdene wonten ing swarga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 6:10
44 Iomraidhean Croise  

“Namung Paduka ingkang jumeneng Sang Yehuwah! Paduka ingkang sampun nitahaken langit, malah langiting sadaya langit sabalatantranipun, saha bumi kaliyan sadaya ingkang dumunung ing salumahipun, punapa dene saganten saisen-isenipun sadaya. Punika sadaya Paduka ingkang nggesangi, saha balatantraning langit sami sujud nyembah dhumateng Paduka.


“Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun ana ing Sion, gunungingSun kang suci.”


Kula lajeng munjuk: “Lah punika kawula sowan; ing gulunganing kitab sampun wonten seratipun ingkang magepokan kaliyan kawula;


Ing wekasane jaman bakal kelakon: gunung papan padalemane Sang Yehuwah bakal ngadeg jejeg ing sadhuwure gunung-gunung lan munggul ing sadhuwure tengger-tengger; sakehing bangsa bakal gumrudug mrana


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing wektune, Ingsun bakal nuwuhake Trubusane Dawud kang adil. Iku bakal jumeneng raja kang wicaksana lan tumindak adil tuwin bener ana ing nagara.


Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun,


Kabeh kang manggon ing bumi iku kaetang remeh; wadya-balaning langit lan kang manggon ing bumi padha kadamel manut ing sakarsane; lan ora ana wong siji-sijia kang bisa mekak astane kalawan munjuk marang Panjenengane: “Punapa ingkang Paduka tindakaken?”


Ing sajroning wahyu ing bengi iku aku terus bae anggonku ndeleng; banjur ana kang rawuh nitih mega saka ing langit, kaya Putraning Manungsa, kang nuli sowan marang ing ngarsane Kang sepuh ing Yuswa mau lan iya banjur kairid sowan ing Panjenengane,


Sawuse mangkono paprentahan, pangwasa lan kamulyaning karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para wong suci, umat kagungane Kang Mahaluhur; paprentahane iki paprentahan kang langgeng sarta sakehing pangwasa bakal ngabdi lan mbangun miturut marang para suci mau.


He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.


Sabab sing sapa nglakoni karsane RamaKu kang ana ing swarga, yaiku sadulurKu lanang utawa wadon lan ibuKu.”


Satemene Aku pitutur marang kowe: Wong-wong kang padha ana ing kene iki ana kang ora bakal padha mati, sadurunge sumurup Putraning Manungsa rawuh ing kratone.”


Banjur tindak maneh kang kaping pindhone lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi tuwung punika boten saged sumingkir, kajawi kedah Kawula ombe, inggih sumangga ing sakarsa Paduka.”


“Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”


Wiwit nalika iku Gusti Yesus nggelarake piwulang, pangandikane: “Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”


Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing swarga.


Binarkahana Kraton kang rawuh, Kratone leluhur kita Sang Prabu Dawud, hosanna ing ngaluhur!”


Sing sapa nindakake karsaning Allah, iya iku sadulurKu lanang, yaiku sadulurKu wadon, yaiku ibuKu.”


Gusti Yesus banjur paring pasemon marang wong kang padha ngrungokake pangandikane, sabab tindake wis cedhak kutha Yerusalem sarta panyanane wong-wong mau yen Kratoning Allah bakal enggal kababar.


Mangkene pangucape: “Binerkahana Sang Prabu ingkang rawuh atas asmaning Pangeran, tentrem rahayu wonten ing swarga, saha kamulyan wonten ing luhuring ngaluhur!”


“Dhuh Rama, manawi Paduka marengaken, mugi tuwung punika kapundhuta saking Kawula. Nanging sampun pikajeng Kawula, namung karsa Paduka ingkang kalampahana.”


Pangandikane Gusti Yesus: “Kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane.


Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.”


Sok wonga kang gelem nglakoni karsane, mesthi bakal ngreti piwulangKu iki saka Allah, apa saka tetembunganKu dhewe.


Sasampunipun Sang Nata Saul kasingkiraken, Gusti Allah lajeng njunjung Dawud, kajumenengaken ratu. Tumrap Sang Prabu Dawud punika Gusti Allah sampun pratela: Ingsun wus manggih Dawud, anake Isai, wong kang ndadekake keparenging panggalihingSun sarta kang nglakoni sakabehing karsaningSun.


Sarehne ora karsa ndhahar aturku kabeh, aku iya banjur mung sumarah sarta ngucap: “Karsane Pangeran muga kalampahana!”


Piyambakipun lajeng wicanten: Allahe leluhur kita wus netepake kowe supaya nyumurupi karsane, nyumurupi Kang Bener sarta krungu swara kang miyos saka ing lesane.


Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.


aja mung manawa ana ing ngarepe bae kanggo nyenengake atining wong, nanging dikaya abdine Sang Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakake karsane Gusti Allah,


Panjenengane wus ngluwari kita saka panguwasaning pepeteng, kaelih menyang kratone Sang Putra kang kinasih.


Marga saka iku, wiwit aku oleh pawarta mau, ora pegat anggonku ndongakake kowe. Kang daksuwun supaya kowe kaparingana sakabehing kawicaksanan lan kawruh kasukman kanggo nyumurupi bab karsane Pangeran kang kalawan sampurna,


Amarga kang dadi karsane Gusti Allah iku: kasucenmu, yaiku supaya kowe padha nyingkiri laku jina;


Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe.


Kabeh iku apa ora padha dadi roh kang ngladeni, kang kautus leladi marang wong-wong kang bakal marisi karahayon?


Sabab kowe butuh sabar mantep, supaya sawuse kowe nglakoni karsane Gusti Allah, padha oleha apa kang wis kaprasetyakake.


Kawula lajeng munjuk: Lah punika Kawula sowan; ing salebeting kitab gulungan wonten seratanipun bab Kawula supados nglampahi karsa Paduka, dhuh Gusti Allah Kawula.”


muga-muga mirantenana kowe kalawan samubarang kabeh kang becik kanggo nindakake karsane, sarta nindakake ana ing antara kita apa sakeparenge, dening Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang sayogya kamulyakake nganti salawas-lawase! Amin.


Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.


supaya wektu kang isih ana, aja kokanggo nuruti kepencuting manungsa, nanging mituhu marang ing karsaning Allah.


Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene: “Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”


Nuli aku krungu swara kang banter ana ing swarga, mangkene: “Samengko karahayon lan panguwasa tuwin paprentahaning Allah kita, lan panguwasane Sang Jebadane, wus kababar, marga si panggugat, kang rina-wengi nggugat para sadulur kita ana ing ngarsaning Allah kita, iku wus kauncalake mangisor.


Aku banjur krungu kaya swarane wong golongan gedhe, kaya gumrojoging banyu akeh lan kaya swarane gludhug kang banter, tembunge: “Haleluya! Dene Pangeran, Allah kita, Kang Mahakuwaos, wus jumeneng raja.


Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta tumuli padha kaampilan pangadilan. Aku uga weruh nyawane wong-wong kang wus katigas gulune marga saka paseksene marang Gusti Yesus lan marga saka pangandikane Gusti Allah; kang ora padha sujud marang si kewan utawa marang recane, sarta ora nampani ciri ing bathuke lan ing tangane, iku kabeh padha urip maneh lan ndherek jumeneng ratu kalawan Sang Kristus lawase sewu taun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan