Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 6:1 - Kitab Sutji

1 “Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 6:1
36 Iomraidhean Croise  

Pangandikane Sang Prabu Yehu: “Ayo aku dherekna, supaya kowe nyumurupi anggonku kalawan mempeng tumindak kagem Sang Yehuwah.” Dadine Sang Prabu Yehu kadherekake Yonadab ana ing titihane kreta.


Nanging sugenge Sang Prabu Yehu ora lestari miturut ing angger-anggering Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kalawan gumolonging panggalihe, ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel uga banjur padha nglakoni dosa.


Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin, kamursidane tetep ing salawas-lawase, sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.


Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.


Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes – bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”


Sarta ing wektu iku para kang ngaku-aku nabi bakal padha kawirangan marga saka wahyune samangsa medhar wangsit, sarta ora ana maneh kang manganggo jubah wulu kagawe ngapusi,


“Sira mratelakna marang rakyat sakabehe lan marang para imam, mangkene: Nalika sira padha puwasa karo ngadhuh-adhuh ing sasi kalima lan kapitu salawase pitung puluh taun iki, apa enggonira puwasa iku kagem kaluhuraningSun?


Awit Putraning Manungsa bakal rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekate; ing nalika iku Panjenengane bakal ngganjar marang sawiji-wijining wong manut panggawene.


Banjur padha dipangandikani Gusti Yesus mangkene: “Padha sing awas, sing padha ngati-ati ing bab ragine wong Farisi lan wong Saduki!”


“Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.


Sakabehing tindak-tanduke iku mung supaya bisaa katon ing wong; nganggo tali sembahyang amba, nganggo gombyok dawa-dawa.


Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.


Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”


Dene manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya tumindak mangkono, ta?


Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”


“Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase.


Marga saka iku ndedongaa mangkene: Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucekaken.


Gusti Yesus banjur ngengetake marang para sakabate, pangandikane: “Padha sing awas, padha ngwekanana ragine wong Farisi lan ragine Raja Herodhes.”


Mulane sing awas, pepadhang kang ana ing kowe iku aja nganti dadi peteng.


Nalika samana ewon wong kang padha nglumpuk, nganti padha suk-sukan. Gusti Yesus banjur paring piwulang, kang dhisik marang para sakabate, pangandikane: “Padha diawas marang ragine wong Farisi, yaiku bab lamising budine.


Banjur ngandika marang wong akeh: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.”


Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe iku padha mbenerake awakmu dhewe ana ing ngarepaning wong, nanging Gusti Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul dening manungsa, iku sinengitan dening Allah.


Awitdene padha luwih seneng marang kaurmatan kang saka manungsa tinimbang karo kaurmatan kang saka ing Gusti Allah.


Kowe iku anggonmu pada bisa pracaya kapriye, dene padha purih-pinurih ing kaurmatan, mangka kaurmatan kang saka Gusti Allah Kang Maha-Tunggal iku ora kokgayuh.


Bareng Rasul Petrus mirsa wong akeh iku, banjur ngandika: “Para sadherek Israel, punapaa dene panjenengan sadaya sami gumun dhateng lelampahan punika saha punapa sababipun dene panjenengan sami mirsani dhateng kula, kados-kados kula ingkang murugaken tiyang punika saged lumampah, margi saking panguwaos utawi kamursidan kula piyambak?


Wong-wong kang cara lair seneng nonjolake awake dhewe, iya wong-wong iku kang padha mbudidaya bisaa meksa kowe supaya tetak, karepe mung supaya padha ora dikuya-kuya marga saka salibe Sang Kristus.


ing wayah suruping srengenge barang cekelan mau balekna marang kang duwe, supaya iku turu kalawan kemulan jubahe dhewe, sarta andum berkah marang kowe. Patrap mangkono iku bakal kaetung dadi kabeneranmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


sarta nganggep, manawa karemehake amarga saka Sang Kristus iku kasugihan kang luwih gedhe tinimbang karo sakehing rajabranane tanah Mesir, awit kang ditenga iku kanugrahan.


Marga saka iku kita kudu luwih tliti anggon kita nggatekake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ilining banyu.


Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.


Padha diwaspada, supaya kowe aja nganti kelangan apa kang wus padha dakgarap, nanging supaya genepa anggonmu padha nampani ganjaran.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan