Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 5:9 - Kitab Sutji

9 Rahayu wong kang dhemen ngrukunake, awit iku bakal padha kasebut para putraning Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 5:9
31 Iomraidhean Croise  

Sang Dawud tumuli miyos methukake para wong mau. Pangandikane marang wong-wong mau mangkene: “Manawa anggonmu padha marani aku iki kanthi sedya kang becik, arep mbiyantu aku, aku bakal saeka-praya kalawan kowe kabeh, nanging manawa sedyamu arep padha ngulungake aku marang satruku kalawan paekan, mangka aku ora tumindak daksiya, muga Gusti Allahe leluhur kita nguningani bab iku lan maringana paukuman marang kowe kabeh.”


Wus cukup suwe pamanggonku awor karo wong kang padha sengit marang karukunan.


He para bocah, padha ngrungokna pituturku, kowe padha dakwulang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah.


supaya kowe padha katitika, yen dadi putrane Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethekake srengenge marang wong ala lan wong becik, sarta nurunake udan marang wong kang ambek adil lan kang ora.


Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”


Sabab padha ora bisa mati maneh; kaanane kaya para malaekat sarta padha dadi putraning Allah, awit wis padha katangekake.


Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.


Enjingipun panjenenganipun rawuh malih, kapinujon wonten tiyang Israel kalih ingkang saweg kekerengan, tumunten mbudidaya badhe ngrukunaken, pangandikanipun: Para sadulur, kowe iku rak padha sadulur? Yagene kok padha siya-siniya?


Sabisa-bisa yen pancen gumantung marang kowe, andona rukun karo wong kabeh.


Kabeh wong kang katuntun dening Rohe Gusti Allah, iku dadi putrane Gusti Allah.


Sang Roh iku anekseni bebarengan karo roh kita, yen kita iku para putrane Gusti Allah.


Sabab kanthi cecengklungen sakehing tumitah anggone padha nganti-anti marang wektu kababare para putrane Gusti Allah.


Apa ya lenggah ta yen anggone padha golek adil ing antarane sadulur, malah marang wong kang ora pracaya?


Wasana, para sadulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna. Tampanana sakehing pituturku. Padha disarujuk, lan padha olaha atut-rukun, temahan Gusti Allah etuking sih katresnan lan tentrem-rahayu bakal nunggil karo kowe!


Mulane aku iki iya padha dadi utusane Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allah paring pitutur marang kowe kabeh lumantar aku; atas Asmane Sang Kristus panjalukku marang kowe: padha gelema karukunake karo Gusti Allah.


Dene wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya,


Mulane, aku mituturi kowe, aku kang dadi pasakitan marga saka Gusti, uripmu dikaya wong-wong kang wus padha katimbalan cundhuk karo timbalan iku.


Euodhia dakpituturi lan Sintikhe iya dakpituturi, dipadha golong-gilig ana ing Gusti.


Padha sabar-sinabarana kayadene Gusti Allah anggone wus ngapura kowe, kowe iya tumindaka mangkono uga.


Padha ngudia rukun karo sakabehing wong, sarta ngaraha marang kasucen; jalaran tanpa kasucen siji bae ora ana kang bakal ndeleng Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan