Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 5:8 - Kitab Sutji

8 Rahayu wong kang resik atine, awit iku bakal padha sumurup marang Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 5:8
25 Iomraidhean Croise  

Panggonan kono mau dijenengake Yakub Pniel, ujare: “Aku wus ndeleng Allah adu arep, nanging nyawaku kapitulungan.”


tumrap tiyang ingkang suci Paduka tumindak suci, nanging tumrap tiyang ingkang nyleweng Paduka tumindak mbulat-mbulet.


Yaiku wong kang lakune tanpa cacad lan nindakake apa kang adil, apadene ngucapake kabeneran kanthi gumolonging atine,


Tumrap tiyang ingkang setya Paduka ugi tumindak setya, tumrap tiyang ingkang tanpa cacad Paduka ugi tumindak tanpa cacad.


“Wong kang resik tangane lan suci atine, kang ora masrahake nyawane marang kaculikan, lan ora nglairake sumpah goroh.


Kawula pinarengana mireng kabingahan lan sukarena, saha balung ingkang sampun Paduka remuk, sageda surak-surak malih!


Kawula damel dosa dhumateng Paduka, inggih namung dhumateng Paduka piyambak anggen kawula sampun damel dosa punika, sarta nglampahi ingkang Paduka galih awon, supados tetelaa bilih pancasan Paduka punika adil, saha patrap anggen Paduka ngadili punika resik.


Masmur anggitane Asaf. Satemene Gusti Allah iku becik tumrap para wong kang mulus atine, lan kang resik atine.


Sing sapa seneng marang resiking ati, sarta manis wicarane, iku dadi mitraning ratu.


punapadene Panjenenganipun babar pisan boten mawi mbeda-mbedakaken tiyang-tiyang wau kaliyan kita, sasampunipun nucekaken manahipun sarana pitados.


Amarga kita saiki padha ndeleng gambar kang ora cetha ana ing pangilon, nanging besuk kita bakal padha ndeleng adu arep. Ing saiki aku mung sumurup ora kalawan sampurna, nanging besuk aku bakal sumurup kanthi sampurna, padha kaya anggonku kapirsanan.


Kang iku sarehne kita kaparingan prasetya-prasetya mau, para kekasih, mulane payo kita padha nucekake badan kita saka sarupaning jejembering daging lan ing roh, lan kalawan mangkono kita nyampurnakake kasucen kita ing sajrone wedi-asih marang Gusti Allah.


Tumraping wong kang resik, samubarang kabeh iku resik, nanging tumraping wong kang jember lan kang ora pracaya, ora ana barang siji bae kang resik, awit pikirane lan rumangsaning atine jember.


Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kita wus kaedusan kanthi banyu kang resik.


Padha ngudia rukun karo sakabehing wong, sarta ngaraha marang kasucen; jalaran tanpa kasucen siji bae ora ana kang bakal ndeleng Gusti Allah.


mendahane maneh rahe Gusti Kristus, kang marga dening Roh kang langgeng wus ngurbanake sarirane piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning ati kita saka pratingkah-pratingkah kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah kang asipat gesang?


Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.


Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowe. Tanganmu padha resikana, he wong dosa, sarta atimu padha eningna, he wong kang duwe ati rangkep.


Sarehne kowe wus nucekake nyawamu sarana pambangun-turut marang kayekten, satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasaduluran kang tanpa lamis, mulane padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu.


lan bakal padha nyawang pasuryane lan bathuke bakal padha kacirenan Asmane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan