Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 5:6 - Kitab Sutji

6 Rahayu wong kang kaluwen lan ngelak marang kasampurnan, awit iku kang bakal padha kawaregan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 5:6
29 Iomraidhean Croise  

awitdene Pangeran karsa maregi nyawane wong kang kasatan, sarta nyawa kang kaluwen kawaregan ing kabecikan.


Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah padha dijurungi kekarepane, dipiyarsakake pasambate banjur padha diluwari.


Nanging kawula, badhe nyawang wadana Paduka wonten ing salebeting kaleresan; tuwin ing satangi kawula, kawula badhe katuwukan ing pasuryan Paduka.


Inggih makaten punika anggen kawula badhe ngluhuraken Paduka ing salaminipun kawula gesang, ngulukaken tangan kawula margi saking asma Paduka.


amargi kalepatan. Manawi panerak kawula nglangkungi kakiyatan kawula, Paduka ingkang nglebur.


Iba anggenipun nengsemaken padaleman Paduka, dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah.


Wong duraka kataman apa kang disumelangake, nanging wong bener bakal kaparingan apa kang dikarepake.


Wong kang ngudi marang kabeneran lan katresnan, bakal nemu urip, kabeneran lan kaurmatan.


Yayi, pengantenku, aku teka ing pakebonanku, ngumpulake mur lan anggi-anggiku, dakpangan tala lan maduku, dakombe anggur lan puwanku. Para mitra, mangana lan ngombea, ngombea nganti mendem tresna!


Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi ana ing gunung Sion kene bakal nganakake bujana kanggo sakehing bangsa arupa olah-olahan kang gurih, bujana kang awujud anggur lawas, olah-olahan kang gurih lan mawa sungsum, anggur lawas kang kasaring endheg-endhege.


Para wong kang sangsara lan kang miskin lagi padha golek banyu, nanging ora oleh, ilate padha garing marga kasatan; nanging Ingsun Yehuwah, bakal minangkani kabutuhane wong-wong mau, sarta sarehne jumeneng dadi Allahe Israel Ingsun ora bakal negakake wong-wong mau.


Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ing sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira.


Mulane mangkene pangandikane Pangeran Allah: “Lah para abdiningSun bakal mangan, nanging sira bakal padha kaliren; para abdiningSun bakal padha ngombe, nanging sira bakal padha kasatan; para abdiningSun bakal padha bungah-bungah, nanging sira bakal padha nandhang wirang;


supaya kowe padha nusu nganti wareg marang susu kang nyegerake kowe kabeh, supaya kowe padha nusu lan ngrasakake nikmate susune kang kebak.


Amarga Ingsun bakal damel segere wong kang sayah, lan wong kang ngenes bakal Sunwaregi.”


Panjenengane ngluberake samubarang kang becik marang wong kang keluwen, lan wong kang sugih padha tinundhung legeh.


Rahayu kowe kang saiki padha kaluwen, amarga kowe bakal padha kawaregan. Rahayu kowe kang saiki nangis, awit kowe bakal gumuyu.


Bilai kowe, kang saiki wareg, amarga kowe bakal luwe. Bilai kowe, kang saiki gumuyu, amarga kowe bakal nandhang susah lan nangis.


nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.”


Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.”


Bareng dina wekasan yaiku nalika gedhe-gedhening riyaya mau, Gusti Yesus jumeneng sarta nguwuh: “Sing sapa ngelak, iku maranana Aku lan ngombea!


sarta ora bakal padha ngelih lan ngelak maneh, tuwin bakal ora kena ing dayaning srengenge utawa ing panas kang sumelet.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan