Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 5:5 - Kitab Sutji

5 Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku bakal padha tampa warisan bumi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 5:5
30 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah nyantosakake maneh para wong kang katindhes, nanging para wong duraka padha diesorake nganti konjem ing bumi.


awitdene Pangeran Yehuwah karenan marang umate, para wong andhap-asor bakal dimakuthani kalawan karahayon.


Margi saking Paduka kawula memuji-muji wonten ing pasamuwan ingkang ageng; nadar kawula badhe kawula luwari wonten ing ngajengipun para tiyang ingkang sami ngabekti dhumateng Paduka.


Wong iku dhewe bakal tetep ana ing kabegjan, sarta turune bakal oleh warisan bumi.


Wong kang lembah manah padha dituntun lakune ana ing kabeneran, wong kang lembah manah padha ditedahi margine.


Balik wong kang andhap-asor iku bakal padha oleh warisan bumi, sarta bakal bungah-bungah marga ngrasakake katentreman kang linuwih.


Wong kang binerkahan ing Pangeran iku padha oleh warisan bumi, nanging kang kena ing laknate iku padha ditumpes.


Para wong mursid padha oleh warisan bumi lan tansah manggon ing kono.


Padha nganti-antia marang Pangeran Yehuwah, sarta lumakua ing margine, satemah kowe banjur kaangkat supaya oleh warisan bumi, sarta kowe bakal padha ndeleng para wong duraka tinumpes.


Amarga wong laku ala mesthi bakal katumpes, nanging wong kang nganti-anti marang Sang Yehuwah iku bakal padha oleh warisan bumi.


Ana ing paningaling Allah iku luwih becik katimbang sapi lanang, ngluwihi sapi lanang kang wus ana sungune lan atracak belah.


Nanging bakal ngakimi para wong sekeng kalawan kaadilan, sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para wong kang katindhes ana ing nagara kono kalawan kajujuran; anggone ngrangket bumi kalawan pangandikane kayadene kalawan lantaran, tuwin kalawan napasing lesane anggone bakal nyirnakake wong duraka.


Para wong kang nandhang sangsara ana ing Pangeran Yehuwah bakal saya banget anggone asuka-suka, lan para wong miskin kang ana ing satengahe para manungsa bakal asurak-surak awit saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel!


Kabeh kang ngenggoni sira para wong bener, anggone padha nduweni nagara iku ing salawas-lawase; padha kaya cangkokan kang Suntanem piyambak kanggo ngatonake kaluhuraningSun.


Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,


He, sakehe wong ing nagara kang andhap-asor, kang netepi angger-anggere Sang Yehuwah, padha ngupayaa Panjenengane, ngupayaa kaadilan, ngupayaa andhap-asor, bokmanawa kowe bakal padha kaayoman ing dinane Pangeran Yehuwah.


Anadene Nabi Musa iku luwih dening alus bebudene, ngungkuli sakehe wong ing salumahe bumi.


PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu.


“Tutura marang putri Sion: Delengen, Ratunira ngrawuhi sira, Panjenengane iku alus panggalihe sarta nitih kuldi, beloning kuldi momotan.”


Sabab mungguhing prasetya kang kaparingake marang Rama Abraham satedhak-turune yen bakal tampi warisan jagad, iku ora lumantar angger-anggering Toret, nanging lumantar kabeneran kang wewaton pracaya.


alusing bebuden, bisa ngemudheni dhiri. Ora ana angger-angger kang nglawan bab-bab kang mangkono iku.


Ditansah andhap-asor, sareh lan sabar. Padha ngetokna katresnanmu kalawan tulung-tinulung.


Mulane sarehne kowe wus padha dadi pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekake lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebuden lan sabar.


Nanging kowe, heh, manungsaning Allah, ngedohana iku kabeh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, kasetyan, katresnan, kasabaran lan budi sareh.


lan bisa nuntun wong kang seneng madoni kalawan alus, sabab bokmanawa Pangeran paring pamratobat marang wong-wong mau sarta bisa nuntun marang karahayon,


Aja seneng mitenah, aja dhemen tukar-padu, disumanak lan dialus ing wicara marang sadhengah wong.


Mulane padha biraten sarupaning rereged sarta piala kang kaliwat akeh lan tampanana kanthi legawaning ati pangandika kang katandur ing atimu, kang bisa nylametake nyawamu.


Sapa panunggalanmu kang wicaksana sarta limpad ing budi? Iku nuduhna panggawene uripe kang utama kalawan kawicaksanan, kang tuwuh saka budi sareh.


Nanging padha nucekna Gusti Yesus Kristus ing sajroning atimu kayadene Pangeran! Sarta tansah padha dhangana aweh panjawab marang angger wong kang njaluk katrangan marang kowe bab pangarep-arep kang dumunung ana ing kowe, nanging diklawan alus lan andhap-asor,


nanging pepaesmu iku yaiku kamanungsaning batin kang ora katon kang apepaes kang ora bisa rusak, kang asale saka roh kang sareh, tentrem, kang pangaji banget ana ing ngarsaning Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan