Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 5:4 - Kitab Sutji

4 Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 5:4
34 Iomraidhean Croise  

Ing wektu iku kowe bakal munjuk: “Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, awit sanadyan Paduka sampun duka dhumateng kawula, nanging bebendu Paduka sampun kendel tuwin Paduka lajeng nglipur kawula.


Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse; tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai; sarta kawirangane umate bakal kaedohake saka ing salumahing bumi, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.


He bangsa ing Sion kang manggon ing Yerusalem, lah kowe ora bakal terus nangis. Pangeran mesthi bakal paring kawelasan marang kowe, samangsa kowe sesambat; ing wektu mireng panjeritmu, Panjenengane bakal paring wangsulan.


lan para wong kang wus kauwalan dening Pangeran Yehuwah kang bakal padha mulih tuwin lumebu ing Sion kalawan surak-surak, kanthi kapenuhan ing kabungahan kang langgeng; bakal padha kebak ing kasenengan la sukarena, kasusahan lan pasambat bakal padha ngedoh.


Ingsun wus nguningani sakehe dalane iku, ewasamono bakal Sunmarekake lan bakal Suntuntun tuwin bakal Sunpulih-pulihake atine kalawan panglipur; uga ana ing lambene wong-wonge kang padha prihatin


Padha bungah-bungaha bebarengan karo Yerusalem, lan surak-suraka marga saka Yerusalem, he sakehe wong kang padha tresna karo kutha iki! Padha giyak-giyaka bebarengan sakatogira, he sakehe wong kang padha prihatin marga saka kutha iku!,


Apa dudu astaningSun kang karya iku kabeh, satemah kabeh iki banjur ana?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Nanging kang Sunpirsani iku wong-wong iki: wong kang katindhes lan kang lemes semangate lan kang gumeter awit saka pangandikaningSun.


Lan sanadyan bokmanawa panunggalane ana kang bisa oncat, iku bakal padha manggon ana ing gunung-gunung kaya manuk perkutut ing lembah-lembah, kabeh padha nggluruh-nggluruh awit saka pialane dhewe.


sarta kapangandikanan mangkene: “Sira lumakua saka ing satengahing kutha, yaiku Yerusalem lan nulisa aksara T ing bathuke wong-wong kang padha sesambat marga saka sakehing panggawe nistha kang katindakake ana ing kono.”


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


Nanging Rama Abraham mangsuli, pangandikane: Angger, elinga, yen kowe wis tampa samubarang kang becik salawase uripmu, nanging Lazarus tampa samubarang kang ora apik. Saiki dheweke tampa panglipur, dene kowe nandhang sangsara banget.


Rahayu kowe kang saiki padha kaluwen, amarga kowe bakal padha kawaregan. Rahayu kowe kang saiki nangis, awit kowe bakal gumuyu.


Bilai kowe, kang saiki wareg, amarga kowe bakal luwe. Bilai kowe, kang saiki gumuyu, amarga kowe bakal nandhang susah lan nangis.


nuli ngadeg karo nangis ana ing sawingkinge sampeyane Gusti Yesus, nganti luhe crocosan nibani sampeyane, banjur diusapi kalawan rambute, diujungi sarta dijebadi kalawan lengane wangi mau.


Nanging Gusti Yesus nuli ngandika marang wong wadon mau: “Pangandelmu kang mitulungi kowe, mundura kalawan tentrem rahayu!”


Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.


Sarta Panjenengane bakal ngusapi sakehe luh saka ing mripate, lan bakal ora ana pati maneh; kasusahan lan pasambat apadene karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan