MATEUS 5:3 - Kitab Sutji3 “Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduweni Kraton ing Swarga. Faic an caibideil |
ing sarehne sira wus ngatonake panalangsanira lan ngesorake awakira ana ing ngarsaning Allah nalika sira krungu pangandikane tumrap panggonan iki lan tumrap para kang padha ngenggoni, ing sarehne sira ngesorake awakira ana ing ngarsaningSun, lan nyuwek-nyuwek panganggonira sarta nangis ana ing ngarsaningSun, Ingsun ya wus miyarsakake iku, – makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah –
Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.
Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,