Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 5:11 - Kitab Sutji

11 Rahayu kowe, manawa marga saka Aku kowe diwewada lan dikaniaya sarta dipitenah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 5:11
32 Iomraidhean Croise  

Seksi ingkang remen dhateng kakerasan sami jumedhul, sami nggigat ing bab ingkang boten kawula ngretosi.


punapa Gusti Allah boten badhe nitipriksa ingkang kados makaten punika? Amargi Pangeran rak boten kesamaran wewadosing manah?


Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse; tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai; sarta kawirangane umate bakal kaedohake saka ing salumahing bumi, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.


Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha sumurup marang ing kabeneran, he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ing sajroning atinira! Aja padha wedi manawa padha kawewada dening manungsa lan aja padha kaget manawa kaala-ala.


Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah, kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane! Para sadulurira, kang padha sengit marang sira, kang padha nyebratake sira, awit sira padha ngajeni asmaningSun, iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane, supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu!” Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan.


Lan sanadyan Nabi Yeremia mangsuli: “O goroh iku, aku ora mbalik melu wong Kasdim!”, nanging ora dipaelu dening Yeria, iku banjur nyekel Nabi Yeremia lan diladekake marang para panggedhe.


Lan marga saka Aku kowe bakal padha diirid menyang ngarsane para kang padha ngasta panguwasa lan para ratu, minangka paseksi tumrap wong-wong mau lan tumrap para wong kapir.


Lan kowe bakal disengiti ing wong kabeh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet.


Tumraping sakabat wus cukup, yen nganti nemu lelakon padha kaya gurune, lan tumrap abdi, yen nemu lelakon padha kaya bandarane. Manawa kang duwe omah disebut Beelzebul, apamaneh brayate saomah.


Sing sapa ngeman nyawane, bakal kelangan nyawane, lan sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nampani nyawane.


Lan saben wong kang marga saka Aku wis ninggal omahe, sadulure lanang utawa wadon, bapa-biyunge, anak-anake apadene palemahane, iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal oleh warisan urip langgeng.


Ing nalika iku kowe bakal dipasrahake supaya disiksa lan kowe bakal dipateni sarta bakal disengiti dening sakabehing bangsa marga saka jenengKu.


Wong-wong sing padha liwat ing kono, padha ngala-ala Panjenengane, padha gedheg-gedheg


Kowe bakal padha disengiti dening wong marga saka asmaKu, nanging sing sapa mantep nganti tumeka ing wekasan, iku bakal rahayu.”


Nanging kowe sing awas, sing ngati-ati! Kowe bakal padha diladekake marang pradata agama, lan kowe bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal disebakake marang ngarsane para kang ngasta panguwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi ana ing ngarsane.


Nanging ku ora ana oyode, dadi mung bisa tahan sadhela. Bareng ana mangsane katindhes lan kinaniaya, marga saka pangandika mau, banjur padha murtad.


Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametake nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku lan marga saka Injil, iku bakal nylametake nyawane.


Nanging sadurunge iku kabeh, kowe bakal padha dicekel lan dikaniaya; kowe bakal dipasrahake menyang ing papan-papan pangibadah lan ing pakunjaran-pakunjaran sarta bakal padha diirid marang ing ngarsane para ratu lan para panguwasa marga saka jenengKu.


apadene kowe bakal padha disengiti dening wong kabeh marga saka jenengKu.


Rahayu kowe, manawa marga saka Putraning Manungsa, kowe padha disengiti ing wong, disingkang-singkang sarta diwewada apadene jenengmu dianggep ala lan diemohi.


Sabab sing sapa kumudu-kudu rumeksa marang nyawane, iku bakal kelangan nyawane; nanging sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nylametake nyawane.


Nanging iku kabeh bakal katandukake marang kowe marga saka Aku, awit padha ora wanuh marang Panjenengane kang ngutus Aku.


Wong mau tumuli dipisuhi, pangucape: “Kowe iku muride, nanging aku kabeh iki murid-muride Nabi Musa.


Ingsun Piyambak bakal nuduhake marang dheweke, sapira kehing kasangsaran, kang bakal kasandhang awit saka asmaningSun.”


Kaya kang wus katulisan: “Margi saking Paduka, kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah sadinten muput, kawula sami kaanggep kados menda sembelehan.”


Aku iki padha bodho awit saka Sang Kristus, nanging kowe padha wasis ana ing Sang Kristus. Aku padha apes, nanging kowe padha rosa. Kowe padha mulya, nanging aku padha ora kajen.


Awit aku kang isih urip iki, tansah kaulungake marang pati marga saka Gusti Yesus, supaya gesange Gusti Yesus kawedhar ing badanku kang ora langgeng iki.


Amarga kowe wus padha kaparingan sih ora mung supaya pracaya marang Sang Kristus bae, nanging uga supaya nandhang sangsara kagem Panjenengane,


Nalika Panjenengane dipisuhi, ora males misuh. Nalika nandhang sangsara ora ngancam, nanging sumarah marang Panjenengane kang ngadili kanthi adil.


Rahayu kowe, manawa kowe padha diwewada marga saka asmane Gusti Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohing Allah dumunung ana ing kowe.


Apa maneh sira tetep sabar sarta nandhang sangsara marga saka AsmaningSun; lan sira ora tau ngrasa sayah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan