Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 5:10 - Kitab Sutji

10 Rahayu wong kang dikaniaya marga saka kayekten, awit iku kang padha nduweni Kratoning Swarga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 5:10
30 Iomraidhean Croise  

Wong duraka nganam-anam pitenah nglawan wong mursid, sarta nggeget-nggeget untu ana ing ngarepe.


Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah, kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane! Para sadulurira, kang padha sengit marang sira, kang padha nyebratake sira, awit sira padha ngajeni asmaningSun, iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane, supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu!” Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan.


Manawa kowe dikaniaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyane; awit satemene Aku pitutur marang kowe: Sadurunge kowe ndlajahi kutha-kutha Israel kabeh nganti kemput, Putraning Manungsa wus rawuh.


Nanging Gusti Yesus ngandika: “Cikben bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggone padha sowan ing ngarsaKu, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku, kang padha nduweni Kratoning Swarga.”


Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan dening RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisake marang sira wiwit dumadining jagad.


“Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduweni Kraton ing Swarga.


Bareng Gusti Yesus mirsa, Panjenengane duka, sarta para sakabat padha dipangandikani mangkene: “Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku, aja kokpenggak, amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.


wong iku, saiki, ing wektu iki uga, bakal tampa sembulih tikel satus: omah, sadulur lanang, sadulur wadon, ibu, anak lan pategalan sanadyan kanthi panganiaya maneka warna, lan ing jaman besuk bakal tampa urip langgeng.


Nanging sadurunge iku kabeh, kowe bakal padha dicekel lan dikaniaya; kowe bakal dipasrahake menyang ing papan-papan pangibadah lan ing pakunjaran-pakunjaran sarta bakal padha diirid marang ing ngarsane para ratu lan para panguwasa marga saka jenengKu.


Sarta Aku wus nyawisake Kraton kanggo kowe kabeh kayadene RamaKu wus nyawisake marang Aku,


Gusti Yesus banjur mirsani para sakabate lan ngandika: “Rahayu kowe kang padha mlarat, amarga kowe kang padha nduweni Kratoning Allah.


Rahayu kowe, manawa marga saka Putraning Manungsa, kowe padha disengiti ing wong, disingkang-singkang sarta diwewada apadene jenengmu dianggep ala lan diemohi.


Padha elinga marang pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarane. Manawa Aku iki wus dikaniaya, kowe iya mesthi bakal dikaniaya; manawa iku padha netepi dhawuhKu, mesthi iya netepi pituturmu.


Para rasul padha ditimbali lan disapu sarta dilarang, ora kena memulang atas Asmane Yesus. Sawise mangkono padha kelilan mundur.


Awitdene sangsaraku kang entheng saiki iki, iku ngolehake kamulyan marang aku kang ngluwihi samubarang kabeh, banget anggone ngungkuli kasangsaranku.


kalawan ora wedi babar pisan marang mungsuhmu. Iku mau kabeh tumraping mungsuh-mungsuhmu dadi ngalamating karusakan, nanging tumrap kowe kabeh dadi ngalamating karahayon, lan iku tekane saka Gusti Allah.


manawa kita nahanake iya bakal ndherek Panjenengane ngereh; manawa kita nyelaki Panjenengane iya bakal diselaki Panjenengane;


Kowe wis melu nandhang panganiaya lan sangsara kaya kang wis dakrasakake ana ing kutha Antiokhia, ing Ikonium lan ing Listra. Sakehing panganiaya iku daklakoni lan Gusti wis ngluwari saka iku kabeh.


Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.


Sajatine kita padha ngarani rahayu wong kang padha sabar mantep iku; kowe wus padha krungu bab sabar mantepe Rama Ayub, sarta wis padha sumurup apa kang ing wekasane kacawisake dening Pangeran kagem panjenengane, amarga Pangeran iku gedhe sih-palimirmane sarta welasan.


Aja kaya Kain, kang asale saka ing pangawak dursila sarta mateni sadulure. Lan apa sababe anggone mateni iku? Amarga sakabehing panggawene ala, lan panggawene adhine becik.


Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga! Lah sanyatane Iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan