Wong-wong tumuli padha madoni Nabi Musa, ature: “Kula panjenengan paringi toya, supados sami saget ngombe!” Pangandikane Nabi Musa: “Yagene kowe kok padha madoni aku? Lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah?”
Panggonan iku banjur diarani Masa lan Meriba, marga wong Israel padha madoni lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah, tembunge: “Pangeran Yehuwah iku ana ing satengah kita apa ora?”
sakehe wong kang wus weruh ing kaluhuraningSun lan pratandha-pratandha mukjijad kang wus Suntindakake ana ing tanah Mesir lan ing pasamunan, mangka wus padha nyoba marang Ingsun nganti rambah ping sepuluh iki, sarta padha ora gelem ngrungokake dhawuhingSun,
banjur matur marang Panjenengane: “Panjenengan punapa mireng ingkang dipun cariyosaken lare-lare punika?” Gusti Yesus ngandika: “Iya, krungu; apa kowe durung tau maca: Paduka sampun nyawisaken puji medal ing cangkemipun lare-lare saha bayi-bayi?”
Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca ing Kitab Suci mangkene: Watu kang ditampik dening tukang-tukang gawe omah, iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok. Kadadean iki saka ing Pangeran, sarta elok ana ing pandeleng kita.
Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis: “Wis, lungaa, setan! Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni.”
Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakabehing sabda kang miyos saka ing lesaning Allah.”
Milanipun kadospundi dene panjenengan sadaya sami nyobi dhateng Gusti Allah kanthi patrap ngetrapaken rembatan ing pundhakipun para siswa, ingkang leluhur kita utawi kita piyambak boten kiyat ngrembat.
Pangandikane Rasul Petrus: “Yagene kowe sakloron padha ayon nyoba marang Rohing Pangeran? Delengen, wong-wong sing mentas ngubur bojomu padha ngadeg ana ing ngarep lawang, iku uga bakal nggotong kowe metu.”