Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 4:5 - Kitab Sutji

5 Iblis tumuli nggawa Gusti Yesus menyang ing kutha Suci lan dijumenengake ana ing dhuwur payone Padaleman Suci,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 4:5
11 Iomraidhean Croise  

Srambi ing sangarepe dalem gedhe iku dawane rong puluh asta, manut ambane dalem mau, lan dhuwure satus rong puluh asta. Srambi iku ing sisih jerone kalapis ing mas murni.


Para panggedhening bangsa padha dedalem ana ing Yerusalem, dene kekarene padha ngumbulake undhi, kagawe nemtokake wong siji saben sapuluhe kang oleh manggon ana ing kutha suci Yerusalem, nuli kang sanga manggon ana ing kutha-kutha liyane.


Sakabehe wong Lewi ing kutha suci ana rong atus wolung puluh papat.


malah kang padha nyebut awakira dhewe manut kutha suci lan sumendhe marang Gusti Allahe Israel, Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah asmane;


Tangia, tangia! Anggonen kakuwatanmu kayadene sandhangan, he Sion! Anggonen sandhanganmu kang endah, he Yerusalem, kutha kang suci! Amarga ora ana wong kang ora tetak utawa kang najis, kang bakal lumebu maneh ing jeromu.


Dhuh Pangeran, supados ngetrepana ing sih-piwelas Paduka, mugi deduka saha bebendu Paduka sumingkira saking Yerusalem, kitha Paduka, redi Paduka ingkang suci; awit margi saking dosa kawula sadaya saha margi saking kalepatanipun para leluhur kawula, Yerusalem tuwin umat Paduka sampun dados cacad tumrap sadaya tiyang ing sakiwa-tengen kawula.


Pitung puluh kaping pitung mangsa, iku wus katetepake tumrap bangsamu lan tumrap kuthamu kang suci, kanggo nyirnakake duraka, kanggo nguwisi dosa, kanggo ngilangi kasalahan, kanggo nekakake kaadilan kang langgeng, kanggo ngganepake wahyu lan nabi, sarta kanggo njebadi pasucen kang pinunjul.


Lan sawise Gusti Yesus wungu, wong-wong mau padha metu saka ing kubur, banjur lumebu ing kutha suci lan ngaton marang wong akeh.


Sawise iku Iblis tumuli nambut Gusti Yesus menyang ing kutha Yerusalem lan kajumenengake ing wuwunganing Padaleman Suci, banjur matur: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog saking ngriki mangandhap,


Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan mesthi boten kagungan panguwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi panguwaos wau boten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, punika dosanipun langkug ageng.”


Mung platarane sajabane Padaleman Suci iku aja sira ukur, marga iku wus kapasrahake marang para bangsa-bangsa liya kang bakal padha ngidak-idak Kutha Suci lawase patang puluh loro sasi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan