MATEUS 4:4 - Kitab Sutji4 Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakabehing sabda kang miyos saka ing lesaning Allah.” Faic an caibideil |
Pangandikane Nabi Musa maneh: “Yen mengko sore kowe padha diparingi daging dening Pangeran Yehuwah lan esuke diparingi roti nganti wareg, iku awit Pangeran Yehuwah wus miyarsa panggrundelmu kang padha koktujokake ing Panjenengane. Aku iki apa ta? Dudu aku kang kokkedumeli iku, nanging Pangeran Yehuwah.”
Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa.
Mulane atimu diesorake, kowe ditegakake keluwen, sarta kowe diparingi mangan man, kang durung tau kokweruhi lan para leluhurmu iya durung tau weruh, supaya kowe ngerti yen uripe manungsa iku ora mung marga saka roti bae, nanging manungsa iku uripe marga saka samubarang kang dipangandikakake dening Sang Yehuwah.