Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 4:21 - Kitab Sutji

21 Sabanjure nalika tindak saka kono, Panjenengane mirsa wong loro maneh, uga padha sadulur, yaiku Yakobus anake Zebedheus karo Yokanan sadulure, ana ing prau lagi ngrewangi Zebedheus bapakne anggone nyulami jalane, banjur padha ditimbali.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 4:21
12 Iomraidhean Croise  

Dene jenenge para rasul rolas mau mangkene: Kang dhisik Simon kang karan Petrus, lan Andreas sadulure, Yakobus anake Zebedheus, lan Yokanan sadulure,


Sawise nem dina Petrus lan Yakobus sarta Yokanan sadulure kadhawuhan ndherek Gusti Yesus minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak.


Panjenengane banjur tindak, Petrus lan anake Zebedheus loro padha kadhawuhan ndherek. Gusti Yesus banjur wiwit kraos sungkawa lan giris.


Sanalika banjur padha ninggal jalane, ndherekake Gusti Yesus.


Sanalika padha ninggal praune lan bapakne, nuli ndherekake Gusti Yesus.


Yakobus, anake Zebedheus, lan Yokanan sadulure Yakobus, kang karone banjur kaparingan jeneng Boanerges, kang tegese anak gludhug,


Sawise mangkono ora ana wong siji bae kang diparengake ndherek, kajaba Petrus, Yakobus lan Yokanan, sadulure Yakobus.


Ana ing pasisir kono kang padha ngumpul: Simon Petrus lan Tomas kang karan Dhidhimus, Natanael kang saka ing kutha Kana tanah Galilea, anake Zebedheus lan sakabate liyane loro.


Panjenengane dhawuh nyedani Rasul Yakobus, sadhereke Rasul Yokanan, kalawan pedhang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan