Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 4:13 - Kitab Sutji

13 pindhah saka Nasaret lan dedalem ana ing kutha Kapernaum, ing sapinggiring sagara ing laladan tanah Zebulon lan Naftali,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 4:13
17 Iomraidhean Croise  

Apadene kowe Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakal kacemplungake ing teleng palimenganing pati. Sabab manawa ing Sodom kalakon ana mukjijat-mukjijat sing tumindhak ana ing tengah-tengahmu, kutha iku mesthi lestari tekan saprene.


Bareng padha lumebu ing kutha Kapernaum, para juru mupu pajeg Padaleman Suci padha marani Petrus lan calathu: “Guru Panjenengan punapa boten asok paos kalih drakhma?”


supaya kayektenana kang kapangandikakake dening Nabi Yesaya mangkene:


“Tanah Zebulon lan tanah Naftali, dalan menyang ing sagara, ing sabrange bengawan Yarden, tanah Galilea panggonane bangsa-bangsa liya, –


Gusti Yesus tumuli minggah ing prau banjur nyabrang lan rawuh ing kutha palerebane.


Kacarita lakune wis padha tekan ing kutha Kapernaum. Bareng dina Sabat, Gusti Yesus banjur tindak lumebet ing papan pangibadah lan memulang.


Let sawatara dina, bareng Gusti Yesus wis rawuh maneh ana ing Kapernaum, pawartane enggal sumebar, yen Panjenengane ana ing dalem.


Apadene kowe kutha Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakal ambles tumeka ing teleng palimengan.


Gusti Yesus tumuli ngandika: “Kowe mesthi bakal ngucapake paribasan marang Aku mangkene: Heh, dhukun, warasna awakmu dhewe. Kabeh kang padha dakrungu bab kang wis kalakon ana ing kutha Kapernaum, iku tindakna uga ana ing kene, ana ing tanah asalmu kene.”


Sawuse mangkono Gusti Yesus banjur tindak menyang ing kutha Kapernaum, bebarengan karo kang ibu lan para sadhereke tuwin para sakabate; nanging ana ing kono mung kendel sawatara dina bae.


Gusti Yesus tumuli tindak maneh menyang ing Kana ing tanah Galilea, panggonane nalika Panjenengane nyabdakake banyu dadi anggur. Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhaton duwe anak lanang kang lagi lara.


arep nyabrang menyang ing Kapernaum. Bareng wus wengi, Gusti Yesus kok meksa durung rawuh,


Bareng padha weruh yen Gusti Yesus ora ana ing kono dalah para sakabate, banjur iya padha nunggang prau, nusul menyang ing Kapernaum, nggoleki Gusti Yesus.


Anggone mangandikakake iku mau nalika Gusti Yesus mulang ana ing papan pangibadah ing Kapernaum.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan