Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 4:11 - Kitab Sutji

11 Iblis banjur lengser saka ing ngarsane Gusti Yesus; lah ing kono tumuli ana malaekat-malaekat kang padha sowan lan ngladosi Panjenengane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 4:11
13 Iomraidhean Croise  

Bareng mirsani ing sakubenge, ing ulon-ulone ana roti panggang lan kendhi isi banyu. Banjur dhahar lan ngunjuk, tumuli sarean maneh.


Apa pangiramu Aku ora bisa nyuwun marang RamaKu, supaya Panjenengane enggal ngirimake malaekat luwih saka rolas bregada lan mbiyantu Aku?


banjur munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.”


Ana ing kono suwene patang puluh dina, kagodha dening Iblis, Panjenengane lereb ana ing satengahing sato alas, sarta diladosi dening para malaekat.


Banjur dikatingali malaekat saka ing langit kang nyantosakake Panjenengane.


Mangka saben dina Aku ana ing tengahmu, ana ing Padaleman Suci, kowe ora padha nyekel Aku. Nanging iki wektumu, lan iya iki panguwasane pepeteng iku.”


Iblis sawise rampung panggodhane banjur mundur saka ing ngarsane, sumedya angon mangsa.


Aku ora rembugan akeh maneh karo kowe, awit panggedhene jagad iki teka lan iku ora duwe wewenang sathithik-thithika ing ngatase Aku.


Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”


Kabeh iku apa ora padha dadi roh kang ngladeni, kang kautus leladi marang wong-wong kang bakal marisi karahayon?


Sarta nalika Panjenengane ngirid Ingkang Putra kang pembayun marang jagad, Panjenengane ngandika: “Sakehe malaekating Allah kudu nyembah marang Panjenengane.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan