Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 4:10 - Kitab Sutji

10 Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis: “Wis, lungaa, setan! Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 4:10
30 Iomraidhean Croise  

Kacarita iblis gumregah nglawan wong Israel sarta mbujuk marang Sang Prabu Dawud supaya ngetung wong Israel.


Dhawuhe Sang Yehuwah marang Iblis: “Lah apa sadarbeke wus ana ing tanganira, mung bae aja nggepok marang awake!” Iblis banjur mundur saka ing ngarsane Sang Yehuwah.


Nuju ing sawijining dina para putraning Allah padha seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah; nuli Iblis iya seba bebarengan.


Nuju ing sawijining dina, para putraning Allah padha seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Iblis nuli iya seba uga ana ing satengahe para putra mau.


“Netepna tiyang duraka ingkang masesani piyambakipun lan tukang nggigat wonten ing sisih tengenipun.


Nanging sira kudu ngabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira, temah roti lan banyune bakal binerkahan lan Ingsun bakal ngedohake lelara saka ing tengahira.


Kowe bakal nganggep najis marang reca-recamu kang sinelut ing salaka utawa kang kalapis emas; iku bakal kokbuwang kayadene lawon kang najis kanthi kokcelathoni: “Sumingkira!”


Nanging Gusti Yesus banjur mengo sarta ngandika marang Petrus: “Heh, setan, sumingkira. Kowe iku dadi sandhunganKu, sabab kowe ora mikir apa kang kagalih dening Allah, nanging mung sing dipikir dening manungsa.”


Ana ing kono suwene patang puluh dina, kagodha dening Iblis, Panjenengane lereb ana ing satengahing sato alas, sarta diladosi dening para malaekat.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Aku ndeleng Iblis tiba saka ing langit kaya cumlereting kilat.


Manawa Iblis iku uga dredah karo awake dhewe, kapriye bisane tulus krajane?


Apamaneh wong wadon iki, kang wis wolulas taun lawase kabanda dening Iblis, apa ora prelu diuculi bebandane ing dina Sabat, amarga iki tedhak turune Rama Abraham?”


Yudas, kang peparab Iskariot, panunggalane sakabat rolas tumuli kasurupan dening iblis,


“Simon, Simon, lah Iblis banget anggone nginteri kowe kabeh, kaya gandum,


Nanging Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira, iku kang kudu sira sembah, sarta iya mung Panjenengane iku kang kudu sira abekteni!”


Lan sawuse nampani roti iku, Yudas tumuli kapanjingan Iblis. Gusti Yesus tumuli ngandika marang dheweke: “Apa kang dadi sedyamu iku enggal tindakna!”


supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.


Nanging Rasul Petrus ngandika: “Ananias, yagene atimu kaejegan dening Iblis, kongsi kowe nggorohi Sang Roh Suci sarta ngunthet saperangane pepayoning palemahan iku?


wong iku kudu kita pasrahake marang Iblis atas Asmane Gusti Yesus, satemah daginge rusak, supaya sukmane kapitulungana rahayu besuk ing dinane Gusti.


Kowe aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuke kanggo ing sawatara mangsa, supaya kowe bisa mligekake wektu kanggo ndedonga. Nanging sawise iku padha kumpula maneh, supaya Iblis aja nganti nggodha kowe, awit saka anggonmu ora kuwat nyegah.


Prakara iku ora nggumunake, sabab Iblis uga mindha-mindha dadi malaekating Pepadhang.


Lan supaya aku aja ngunggul-unggulake awak marga saka anane wahyu-wahyu kang linuwih iku, aku banjur kaganjar eri ing dagingku, yaiku sawijining kongkonane Iblis kang dikon mbitheni aku, supaya aku aja nganti ngunggul-unggulake awak.


supaya Iblis aja nganti oleh kauntungan kang tumuju marang kita, sabab kita sumurup apa kang dikarepake.


Wedi-asiha marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane, sarta anggonmu nglairake sumpah iya demia asmane.


Marga saka iku padha nungkula marang Allah. Iblis tanggulangen, temahan bakal lumayu nglungani kowe!


Kang iku ing samengko kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah lan ngabektia marang Panjenengane klawan tulus eklas lan setya, sarta padha ngedohna allah sesembahane para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat lan ing tanah Mesir, tuwin padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah.


Tanggulangana kalawan pracaya kang santosa, jalaran kowe padha sumurup yen kabeh sadulurmu kang ana ing saindenging jagad iya padha ketaman ing sangsara kaya mangkono.


Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan