Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 3:9 - Kitab Sutji

9 Lan aja padha duwe pikiran mangkene: Aku rak trahe Rama Abraham. Awit aku pitutur marang kowe, sanadyan saka watu iki Gusti Allah kuwaos mijilake anak kanggo trahe Rama Abraham.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 3:9
22 Iomraidhean Croise  

“He, anaking manungsa, wong-wong kang manggon ing reruntuhan, yaiku ing tanah Israel, padha celathu: Nalika Rama Abraham kaparingan tanah iki dadi kagungane, panjenengane iku mung piyambakan bae; nanging aku kabeh iki gunggungku akeh, mulane tanah iki mesthi kaparingake marang kita dadi tanah pusaka.


sabab saka ing jero, saka ing sajroning atine manungsa, thukul sakabehing pikiran sing ala, kang lekoh, kadurjanan, gawe pati,


Banjur mikir: Kapriye ya, rekane, aku ora duwe enggon kanggo nyimpen pametu samono akehe iku.


Banjur nguwuh-uwuh, ature: Dhuh, Rama Abraham, mugi karsaa paring kawelasan dhateng kula. Lazarus mugi kadhawuhana nyelupaken pucuking drijinipun wonten ing toya, kangge ngasrepaken ilat kula, amargi kula nandhang sangsara sanget wonten ing latu murub punika.


Paring wangsulane: “Aku pitutur ing kowe: Manawa wong iku padha meneng, watu-watu iki bakal padha nguwuh-uwuh.”


Mulane padha metokna woh kang sembada tumrap pamratobat. Lan aja padha nduweni pangrasa: Rama Abraham iku rama kita! Awit aku pitutur marang kowe: Gusti Allah kuwaos karya trahing Rama Abraham saka watu-watu iki!


Nanging Gusti Yesus nguningani pikirane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Apa sing padha kokpikir ing sajroning atimu?


Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruh kang kaya mangkono iku, dheweke banjur duwe osik mangkene: “Manawa Dheweke iku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wong apa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti, yen iku wong dosa.”


Wong-wong tumuli padha mangsuli: “Kula sami tedhak-turunipun Rama Abraham, lan dereng nate ngawula dhateng sok tiyanga; kadospundi kok Panjenengan ngandika: Kowe bakal padha mardika?”


“Aku wus weruh manawa kowe iku padha tedhak-turune Rama Abraham, nanging kowe padha ngarah mateni Aku, awit pituturKu ora oleh papan ana ing kowe.


Kowe apa ngungkuli leluhurku Rama Abraham kang wus seda! Para nabi iya padha seda. Kowe iku ngaku-aku sapa ta?”


Nuwun, para sadherek trahipun Rama Abraham, saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kabar kawilujengan punika sampun kaparingaken dhateng kita.


Sadherek Simon mentas nyariyosaken, bilih wiwit-wiwitan mila Gusti Allah sampun ngatingalaken sih-rahmatipun, inggih punika anggenipun milih satunggaling bangsa saking antawisipun bangsa-bangsa sanes wau kagem asmanipun.


Kang iku apa kang bakal dakkandhakake tumrap Rama Abraham, leluhur kita mungguh ing daging?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan