MATEUS 3:7 - Kitab Sutji7 Nanging bareng Nabi Yokanan mirsa wong Farisi lan wong Saduki akeh kang padha teka sarta nyuwun kabaptis, banjur padha dipangandikani mangkene: “Heh, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang akon kowe nyingkiri bebendu kang bakal teka? Faic an caibideil |
Wong Farisi iku ngadeg lan ndedonga sajroning atine mangkene: Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula boten sami kaliyan tiyang-tiyang sanes, sanes rampog, sanes tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanes tiyang ingkang lampah jina saha boten kados juru-mupu-beya punika.
Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.