MATEUS 3:6 - Kitab Sutji6 Wong-wong mau tumuli padha dibaptisi dening Nabi Yokanan ana ing bengawan Yarden kalawan ngakoni dosane. Faic an caibideil |
Harun banjur numpangna tangane karo pisan ing endhase wedhus kang isih urip iku, sarta ngakonana sakehe kaluputane wong Israel lan sakehe panerake, sanajan apa bae dosane; apadene dosane diemotna ing endhase wedhus lanang iku, wedhus iku banjur dieculna ing pasamunan dening sawijining wong kang wus cumawis tumrap iku.