Atur wangsulane: “Tiyangipun mangangge sandhangan dhiwut-dhiwut, sarta mawi sabuk wacucal ing bangkekanipun.” Sang Prabu tumuli ngandika: “Iku Elia, wong Tisbe!”
ing wektu iku Pangeran Yehuwah paring pangandika lumantar Nabi Yesaya putrane Sang Amos. Mangkene pangandikane: “Sira lumakua, sandhangan bagor ing lambungira iku aja sira anggo mangkono uga trumpahing sikilira.” Iku iya banjur kaestokake, lumampah kalawan lukar lan tanpa trumpah.
Sarta ing wektu iku para kang ngaku-aku nabi bakal padha kawirangan marga saka wahyune samangsa medhar wangsit, sarta ora ana maneh kang manganggo jubah wulu kagawe ngapusi,
tuwin bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran kanthi roh lan panguwasane Elia, supaya bisaa mbalekake atine para bapa marang para anak, sarta nuntun wong mursal marang kamursidan, dadine nyawisake umat kang sembada tumrap ing Pangeran!”
Diyasakake tetunggangan kang bisa ngambah ing tengger-tenggering bumi, diparingi pangan pametune pategalan, didadekake nesep madu saka ing gunung parang lan lenga saka ing watu kelang,