Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 3:12 - Kitab Sutji

12 Panjenengane wus ngasta tampah; panutone bakal diresiki nganti tapis sarta gandume bakal diklumpukake ing lumbung, nanging mrambute bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 3:12
30 Iomraidhean Croise  

Padha kaya dami ana ing ngareping angin, kaya mrambut kabur ing prahara.


Ora mangkono mungguh wong duraka, nanging prasasat mrambut kang kabur ing angin.


Samia kados mrambut kabur ing angin, samangsa sami kakentasaken dening Malaekating Yehuwah.


Wong kang rosa banjur dadi kaya kapas lan panggawene dadi kaya geni sapelik; karo-karone bakal padha kobong bareng sarta ora ana wong kang bisa nyirep.


Para suku bangsa padha gumerah kaya gumuruhing banyu gedhe; nanging Pangeran Yehuwah paring deduka, satemah banjur padha lumayu adoh, kalawan kesusu kaya mrambut ing panuton kang kabur ing angin, lan kaya dhedhak katiyup ing lesus.


Ingsun wus ora duka. Manawa Ingsun nguningani piskucing lan suket, iku bakal Sunperangi lan bakal Sunobong bareng,


Apa wong anggone ngrontogi iku gandume digebugi nganti ajur? Mesthi ora, ora terus bae digebugi nganti ajur! Lan sanadyan wong nglakokake ing dhuwure gandum mau jantrane grobag kalawan jarane, nanging anggone nggiles ora bakal nganti ajur.


sapi-sapi lan kuldi-kuldi kang kanggo nggarap tanah bakal mangan pakan campuran kang enak, kang wus ditapeni lan diayak.


bakal padha sira tapeni, lan banjur padha kabur ing angin, tuwin bakal mawut dening prahara. Nanging sira iki bakal surak-surak awit saka Pangeran Yehuwah tuwin nggunggung-nggunggung marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.


Sabab iku kaya ilat geni kang mangsa dami, lan kaya suket aking kang sirna dening geni, kaya mangkono oyod-oyode bakal dadi bosok, tuwin kuncupe bakal mawut kaya awu, amarga wong-wong mau wus padha nampik piwulange Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah sarta memada marang pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.


Iku bakal padha metu lan padha ndeleng jisime wong-wong kang wus padha mbalela marang Ingsun. Set-sete ora bakal padha mati, lan genine ora bakal sirep, kabeh iku bakal dadi wewujudan kang nggegilani tumrap kabeh kang urip.


Ingsun napeni wong-wong iku kalawan tampah ana ing kutha-kuthaning nagara. Ingsun wus ndadekake umatingSun padha kelangan anak lan padha Suntumpes, amarga ora padha mratobat saka polah tingkahe.


Balik samangsa sira padha ora ngrungokake dhawuhingSun lan ora nucekake dina Sabat lan memikul samubarang mlebu ngliwati gapurane Yerusalem ing dina Sabat, ana ing gapura-gapura kono Ingsun bakal ngurubake geni, kang bakal mangsa puri-puri Yerusalem nganti tapis, lan kang ora bisa sinirep.”


Ing wektu iku bakal dikandhakake marang bangsa iki lan wong kang manggon ing Yerusalem: “Angin panas saka ing tengger-tengger gundhul ing sagara wedhi midid marang ing putrining umatingSun, dudu angin kang napeni lan ngresiki,


Ingsun bakal ngutus juru napeni kang bakal napeni lan nyaponi nagarane nganti resik, amarga anggone ngepung ing dinaning karubedan saka ing keblat papat.


Mulane mangkene pangandikane Gusti Allah: Lah bebenduningSun lan dedukaningSun bakal kaesokake ana ing papan kene, marang manungsa, kewan lan wit-witan ing ara-ara lan marang pametuning bumi: mulad-mulading bebendu mau bakal ora bakal sirep-sirep.”


Mulane bakal padha kaya pedhut ing wayah esuk utawa kayadene ebun kang esuk umun-umun ilang, lan kaya mrambut kang kabur ing angin saka ing panuton. Iya kaya kukus kang metu saka ing cendhela.


“Sabab lah, Ingsun bakal paring dhawuh, banjur turune Israel iku Sunoyog-oyog ana ing antarane para umat, patrape kaya wong kang lagi ngayaki, mangka krikil cilik siji bae ora ana kang tiba ing lemah.


Lah dina iku bakal teka, murub kaya pawon; sakehe wong kang sembrana lan sarupane wong kang nglakoni duraka bakal padha dadi kaya dami, sarta dina kang teka iku bakal ngobong wong-wong mau, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – nganti ora ngarekake oyod lan pange siji-sijia.


Cikben padha thukul bebarengan nganti mangsane panen. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alange lan bentelana, banjur obongen, sawise iku gandume klumpukna ing lumbungku.”


Putraning Manungsa bakal ngutus para malaekate kadhawuhan nglumpukake samubarang kabeh kang dadi sandhungan lan sakabehing wong kang nglakoni duraka ana ing Kratone,


padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.


Ing nalika iku para wong sampurna bakal padha mancorong kaya srengenge ana ing Kratone Ramane. Wong kang duwe kuping, ngrungokna.”


Nabi Yokanan banjur paring wangsulan, pangandikane: “Aku iki mbaptisi kowe nganggo banyu, nanging Panjenengane kang panguwasane ngungkuli aku, iku bakal rawuh lan sanadyan mung nguculi ageme trumpah bae, aku ora patut. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.


Panjenengane wis ngasta tampah kaagem ngresiki panutone nganti resik babar pisan sarta kaagem nglumpukake gandume ing lumbunge, nanging mrambute bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep.”


Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohe, dipagas lan kang metu wohe, diresiki, supaya mundhaka akeh wohe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan