Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 3:10 - Kitab Sutji

10 Karodene wadung wus cumawis ing poking wit-witan; saben wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan kacemplungake ing geni.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 3:10
26 Iomraidhean Croise  

ora ana wong kang bisa nggepok senggol, aliya kalawan wesi utawa landheyan tumbak lan diobong ing geni nganti ludhes!”


Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali, kang metokake woh ing kalamangsane, lan ora alum godhonge, apa bae kang ditandangi mesthi lestari.


Tiyang ingkang ngepung kawula sami nglangak, ipat-ipatipun ndhawahana tiyang-tiyang punika.


mripat kawula nyawang satru kawula, kuping kawula mireng bab para tiyang awon ingkang sami gumregah nglawan kawula.


Samangsa pang-pange kang cilik-cilik wus garing, bakal padha disempali; nuli kaobong dening para wong wadon kang padha teka. Awit iki sawijinig bangsa kang tanpa budi, yaiku kang njalari ora kaparingan palimirma dening kang nitahake lan ora kinasihan dening kang mangun.


ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”, “tanemaning Pangeran Yehuwah” kanggo ngatonake kaluhurane.


Dheweke bakal kaya wit kang tinandur ana ing pinggiring banyu, kang oyod-oyode mrambat ing pinggiring kali, lan kang ora ngalami tekane panas sumelet, godhonge ajeg ijo, ora samar ing mangsa ngerak lan tanpa kendhat metokake woh.


iku nguwuh-uwuh kanthi sora, mangkene pangandikane: Wit iku tegoren lan pang-pange kethokana, godhonge prithilana sarta wohe sebar-sebarna; kewan-kewan cikben padha buyar saka ing sangisore, apadene manuk-manuk saka ing pang-pange!


Lah dina iku bakal teka, murub kaya pawon; sakehe wong kang sembrana lan sarupane wong kang nglakoni duraka bakal padha dadi kaya dami, sarta dina kang teka iku bakal ngobong wong-wong mau, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – nganti ora ngarekake oyod lan pange siji-sijia.


Bareng mirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, tumuli dipurugi, nanging ora manggih apa-apa ana ing wit iku, kajaba mung godhong thok, banjur dipangandikani: “Aja metu wohmu maneh ing salawas-lawase!” Padha sanalika wit anjir mau dadi garing.


Sarupane wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungake ing geni.


Amarga manawa kaya mangkene iki panggawene wong marang kayu kang urip, saya maneh kang garing bakal dikapakake?”


Wadunge wis cumepak ana ing poking wit, lan saben wit kang ora metokake woh kang becik, bakal ditegor sarta dicemplungake ing geni.”


Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohe, dipagas lan kang metu wohe, diresiki, supaya mundhaka akeh wohe.


Sing sapa ora tetep dumunung ana ing Aku, iku dibuwang metu kaya pang mau, temah dadi garing, tumuli padha dikukupi lan banjur dicemplungake ing geni, sarta diobong.


Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.


nanging manawa bumi iku nuwuhake bebondhotan lan rerungkudan, iku tanpa guna sarta cepak kena ing supata, kang wekasane kaobong.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan