Aku terus bae anggonku ndeleng nganti ana dhampar-dhampar kang katata, banjur ana kang lenggah Kang Sepuh ing Yuswa; pangagemane putih kaya salju lan remane resik kaya wulu wedhus; kang minangka dhampare urubing geni, mawa rodha geni kang makantar-kantar;
Gusti Yesus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryane mancorong kaya srengenge, sarta pangagemane putih sumorot kaya pepadhang.
sarta weruh ana malaekat loro ngagem-agem putih, padha lenggah, kang siji ana ing ulon-ulon, sijine ana ing dagan tilas panggonan sumarene layone Gusti Yesus.
Aku tumuli weruh malaekat liyane kang prakosa tumedhak saka ing swarga, asingep mega, lan ing sadhuwuring mustakane ana kluwunge, wedanane kaya srengenge, sampeyane kaya tugu geni.
Sawuse mangkono, aku weruh malaekat liyane tumedhak saka ing swarga. Malaekat mau kagungan panguwasa gedhe sarta bumi dadi padhang marga saka kamulyane.