Bareng Akhitofel weruh, yen rembage ora diglape, banjur ngabah-abahi kuldine lan mangkat mulih menyang omahe, ing kuthane, nata kabutuhaning omahe, wasana banjur mati gantung. Mangkono patine Akhitofel, nuli dipetak ing kubure bapakne.
Bareng Sang Prabu Zimri mirsa, manawa kutha iku wus bedhah, banjur enggal-enggal lumebet ing purining kraton lan mbesmi kraton iku, sajrone panjenengane piyambak iya ana ing kono, nuli nemahi seda,
Sang Abimelekh tumuli nimbali abdi kang ngampil gegamane, iku didhawuhi: “Pedhangmu unusen, aku patenana, supaya aku aja nganti dikandhak-kandhakake: Wong wadon kang mateni.” Banjur disuduk dening abdine dadi lan sedane.