MATEUS 27:4 - Kitab Sutji4 kalawan matur: “Kula damel dosa, jalaran ngulungaken rahipun tiyang ingkang boten lepat.” Nanging wangsulane wong-wong mau: “Preduli apa, iku prakaramu dhewe!” Faic an caibideil |
Namung kemawon mugi panjenengan uningani sayektos, bilih panjenengan mejahi kula punika, ateges panjenengan ngwutahaken rahipun tiyang ingkang resik, punika tumempuh dhateng panjenengan, saha dhateng kitha punika dalah ingkang manggen ing kitha punika, amargi Sang Yehuwah sayektos ngutus kula dhateng panjenengan ndumugekaken sadaya pangandika punika.”
Ing kono banjur padha nyebut marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, mugi-mugi kawula sampun ngantos tiwas pejah margi saking nyawanipun tiyang punika, punapadene sampun ngantos Paduka nempahaken bab punika dhateng kawula sadaya, rah ingkang resik, awitdene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun nindakaken punapa ingkang Paduka karsakaken.”
Nanging pangandikane Sang Prabu Saul: “Kula sampun nglampahi dosa, nanging panjenengan mugi keparenga ngatingalaken hurmat panjenengan dhumateng kula sapunika wonten ing ngajengipun tiyang Israel, kula aturi wangsul nyarengi kula, kula badhe sujud ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan.”
Tiyang punika rak sampun ngetohaken nyawanipun lan sampun ngawonaken tiyang Filisti punika sarta Sang Yehuwah sampun paring kaunggulan dhateng tiyang Israel sadaya. Panjenengan dalem sampun nguningani lan suka ing galih margi saking punika. Kenging punapaa panjenengan dalem kok badhe nandukaken piawon dhateng rahipun tiyang ingkang resik, badhe mejahi Dawud tanpa sebab?”