3 Nalika Yudas, kang ngulungake Gusti Yesus, sumurup, yen Panjenengane bakal kasedanan, banjur kaduwung, dhuwit telung puluh sekel salaka kabalekake marang para pangareping imam lan pinituwa
Nanging manawa sapi mau nyundhang batur tukon lanang utawa wadon, kang duwe sapi kudu mbayar telung puluh sekel selaka marang bendarane batur mau, lan sapine dibenturana watu nganti mati.
Nanging Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Iku pasrahna marang tukang ngecor logam!” – samono kehe anggone ngregani kanggo aku. Mulane dhuwit salaka telung puluh sekel iku mau tumuli dakjupuk, banjur dakpasrahake marang tukang ngecor logam ana ing padalemaning Yehuwah.
Nalika Gusti Yesus karo para sakabate padha bujana, Iblis wus ngosikake pangrantam ana ing sajroning atine Yudas Iskariot, anake Simon, arep mitenah Gusti Yesus.
Yudas banjur teka ing kono kanthi prajurit sapantha lan para tukang jaga Padaleman Suci, kang diutus dening para pangarepe imam tuwin para wong Farisi, padha nggawa ting lan obor sarta gegaman.
Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan kang saka ing jagad iki nuwuhake pati.