Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 27:2 - Kitab Sutji

2 Gusti Yesus banjur kabesta kaladosake marang Sang Wali-Nagara Pilatus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 27:2
25 Iomraidhean Croise  

Sawuse padha tekan ing papan kang kadhawuhake dening Gusti Allah, Rama Abraham tumuli yasa misbyah ana ing kono, kayune banjur ditata, kang putra Iskak ditaleni sarta ditumpangake ing misbyah ing sadhuwure kayu.


lan masrahake marang wong-wong kapir, supaya dipoyoki lan disapu banjur disalib sarta ing telung dinane bakal kawungokake.”


Manawa bab iki kaprungu dening wali-nagara, aku kang bakal padha matur marang panjenengane, supaya aja nganti ndadekake kasusahanmu.”


Nalika samana ana wong sawatara kang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ngaturi uninga bab wong-wong Galilea kang padha kawutahake getihe dening Sang Pilatus, diworake ing getih kurban kang diunjukake dening wong-wong mau.


Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara.


Ing kono kabeh warga pradata banjur padha ngadeg, Gusti Yesus diladekake marang ngarsane Sang Pilatus.


Ing dina iku uga Sang Prabu Herodhes karo Sang Pilatus banjur padha memitran, awit maune padha sesatron.


Nalika Sang Nata Agung Tiberius anggone ngasta paprentahan wis nyandhak limalas taune, kalane Sang Pontius Pilatus jumeneng walinagara ing tanah Yudea, lan Sang Prabu Herodhes jumeneng ratu-wilayah tanah Galilea, Sang Prabu Filipus sadhereke jumeneng ratu-wilayah Iturea lan Trakhonitis, sarta Sang Prabu Lisanias jumeneng ratu wilayah Abilene,


Prajurit sapantha lan opsire dalah para tukang jaga, kang dikongkon dening wong Yahudi banjur nyekel Gusti Yesus tumuli kabesta,


Gusti Yesus banjur kapurugake kalawan bebestan menyang ing ngarsane Sang Kayafas kang jumeneng Imam Agung.


Gusti Yesus banjur diladosake saka ing daleme Imam Agung Kayafas menyang ing gedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isih esuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebu dhewe ing gedhong pangadilan, supaya aja kongsi kena ing najis, awit arep padha mangan Paskah.


Nalika bengi sadurunge kaladekake marang ing ngarepe wong akeh dening Sang Prabu Herodhes, Rasul Petrus sare kaapit dening prajurit loro, kabesta ing rante loro. Kajaba saka iku ing ngarep lawang ana prajurit kang padha jaga.


Panggedhe mau nyelaki Rasul Paulus, kang banjur dicepeng sarta dibesta nganggo rante rangkep loro tuwin ndangu, sapa panjenengane iku lan apa kang ditindakake.


Nanging nalika Rasul Paulus dilumahake arep disapu, panjenengane banjur ngandika marang opsir kang nglakoni wajib: “Punapa panjenengan dipun parengaken nyapu warganagari Rum, punapa malih tanpa dipun adili?”


Wasana wong-wong kang kawajiban nyapu nuli enggal-enggal mundur. Dene panggedhe prajurit iku iya wedi, bareng ngreti, yen Rasul Paulus iku wong Rum, mangka panjenengane kang dhawuh mbanda.


Nanging bareng wis ganep rong taun, Sang Feliks digentosi Sang Perkius Festus lan kanggo nyenengake atine wong Yahudi, Sang Feliks nglestarekake Rasul Paulus katahan ana ing pakunjaran.


Pramila kula lajeng ngaturi rawuh panjenengan sadaya prelu badhe pirembagan, amargi awit saking pangajeng-ajengipun bangsa Israel punika kula lajeng karante.”


Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub, Gusti Allahipun leluhur kita sampun ngluhuraken Abdinipun, inggih punika Gusti Yesus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Sang Pilatus, sanadyan Sang Pilatus nggalih, bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari.


Awitdene sayektosipun Sang Prabu Herodhes saha Sang Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israel sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya ngayoni Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi


lan nyuwun layang kuwasa kang arep digawa menyang ing papan-papan pangibadah ing Damsyik, supaya samangsa mrangguli wong lanang utawa wong wadon kang padha nganut Margining Gusti, banjur bisa dicekel lan digawa menyang Yerusalem.


Kowe dakprentah ana ing ngarsane Gusti Allah kang paring urip marang samubarang kabeh lan ana ing ngarsane Sang Kristus Yesus kang wus nglairake sahadat kang utama iku uga ana ing ngajengane Sang Pontius Pilatus:


Iya marga saka pangundhanging Injil iku aku banjur nandhang sangsara, malah nganti dibanda kayadene durjana, nanging pangandikaning Allah ora bisa kabanda.


Padha elinga marang para pasakitan, jalaran kowe dhewe uga pasakitan. Sarta padha elinga marang wong kang padha kinaniaya, amarga kowe dhewe iya isih urip ana ing donya iki.


Ature wong Yehuda marang Sang Simson: “Dhateng kula mriki punika badhe mbesta panjenengan, lajeng kula ulungaken dhateng tanganipun tiyang Filisti.” Pangandikane Sang Simson marang wong iku: “Kowe padha sumpaha marang aku yen kowe dhewe bakal ora ngrubut aku.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan