Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 26:9 - Kitab Sutji

9 Sabab lenga iku kena didol bisa payu larang, lan dhuwite kena didanakake marang wong-wong miskin.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 26:9
9 Iomraidhean Croise  

Bareng tindake Sang Naaman wus sawetara dohe, Gehazi, rencange Nabi Elisa, abdining Allah, mikir-mikir mangkene: “Bendaraku iku kebangeten anggone ering marang Sang Naaman, priyagung ing Aram iki, nganti ora karsa nampeni atur-atur kang diasta. Dhemi Pangeran Yehuwah kang gesang, lah aku arep mlayu nututi panjenengane lan bakal nyuwun apa-apa.”


Nanging Gusti Yesus mirsa gagasane para sakabate, banjur ngandika: “Yagene kowe padha ngregoni wong wadon iki? Kang ditandukake marang Aku iki panggawe becik.


Para sakabate weruh kang mangkono iku, padha muring-muring, pangucape: “Yagene kok ngeceh-eceh mangkono?


Sabab saupama diedola, mesthi payu luwih saka telung atus dinar, kena didanakake marang wong miskin.” Wong wadon mau banjur disrengeni.


Sarehne padha ninggal dalan kang bener, banjur padha kesasar, ngenut dalane Bileam anake Beor kang seneng tampa opah tumrap panggawe-panggawe ala.


Nanging rakyat sami mendheti jarahan ingkang rupi menda, punapa dene, lembu-lembu ingkang pethingan, ingkang dipun pisah saking ingkang pancen badhe kapejahan, badhe kakurbanaken sumaos dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, wonten ing Gilgal.”


Nanging Sang Prabu Saul sabalane ngluwari Sang Prabu Agag, wedhus-wedhuse, apadene sapi-sapi kang becik-becik lan lemu-lemu, dalah cempe-cempene sarta samubarang kang pangaji, iku kabeh ora disirnakake. Mung sakehing kewan lan barang kang ora pangaji tur ala iku kabeh padha ditumpes.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan