Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 26:8 - Kitab Sutji

8 Para sakabate weruh kang mangkono iku, padha muring-muring, pangucape: “Yagene kok ngeceh-eceh mangkono?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 26:8
12 Iomraidhean Croise  

Nanging pangandikane: “Sira iku wong kesed, wong kesed! Mulane ujarira: Kawula mugi sami kalilana kesah saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah.


Lan aku sumurup, manawa sakehing kangelan lan sakehing kabisan ing bab nindakake pagawean iku yaiku meri marang wong liya. Iku uga bab kang tanpa guna lan ateges mburu angin.


lan mikir: “Besuk apa enteke sasi anyar, supaya kita bisa adol gandum, sarta besuk apa rampunge dina Sabat, supaya kita bisa nawakake gandum kalawan nyuda takeran efa lan nggedhekake sekel, ngapusi kalawan timbangan palsu,


Sira padha celathu: “Delengen, sapira rekasane!” Sira banjur marakake Ingsun ngresula, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –, lan sira nyaosake kewan rampasan, kewan kang pincang sarta kewan kang laranen. Iku sira pisusungake. Apa iya iku Ingsun tampeni saka ing tanganira? – Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. –


Sakabat kang sapuluh, bareng krungu kang mangkono iku, padha nepsu marang sadulur loro mau.


ana wong wadon kang marak ing ngarsane, nggawa goci isi lenga jebad kang larang regane, banjur diesokake ing mustakane Gusti Yesus, nalika lagi lenggah dhahar.


Sabab lenga iku kena didol bisa payu larang, lan dhuwite kena didanakake marang wong-wong miskin.”


Pratingkah mangkono iku ndadekake muring-muringe sawenehing wong lan padha rasanan: “Yagene lenga jebad iku diebreh-ebreh mangkono?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan