Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 26:43 - Kitab Sutji

43 Nalika murugi para sakabate maneh, iya padha ketemu turu, sabab mripate mbliyut.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 26:43
8 Iomraidhean Croise  

Kowe banjur kaya wong kang ana ing satengahe ombak sagara, utawa kaya wong kang ana ing pucaking tiyange prau.


Panggedhening prau tumuli marani Nabi Yunus, pangucape: “Kadospundi sampeyan punika, dene kok saged tilem kepatos makaten? Sumangga sampeyan tangi, lajeng nyebut dhateng Allah sampeyan, bokmanawi Allah punika karsa ngengeti dhateng kita, temah boten ngantos manggih bilai.”


Banjur tindak maneh kang kaping pindhone lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi tuwung punika boten saged sumingkir, kajawi kedah Kawula ombe, inggih sumangga ing sakarsa Paduka.”


Tumuli padha ditilar maneh kaping telune lan ndedonga kaya sing uwis.


Nalika samana Petrus sakancane padha keturon; bareng tangi padha ndeleng Gusti Yesus sajroning kamulyane, lan priya loro kang padha jumeneng cedhak.


Ing kono ana wong nom-noman jenenge Eutikhus, linggih ing cendhela. Sarehne Rasul Paulus suwe banget anggone ngandikan wong anom mau ora bisa nahan ngantuke. Wasana banjur keturon, temahan tiba saka ing tataran katelu. Bareng digotong, wong mau wis mati.


Saben wong sumuyuda marang panguwasa kang mbawahake, sabab ora ana panguwasa kang asale ora saka Gusti Allah; lan para panguwasa kang ana iku padha katetepake dening Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan