Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 26:41 - Kitab Sutji

41 Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe aja tumiba ing panggodha. Roh iku pancen cumandhang, nanging daging iku ringkih.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 26:41
34 Iomraidhean Croise  

Rahayu wong kang padha utama lakune, kang ngambah dalaning angger-anggering Pangeran Yehuwah.


He para durjana padha sumingkira saka aku, supaya aku netepana pepakone Gusti Allahku.


Kawula mugi Paduka pitulungi supados wilujeng, kawula tansah badhe bingah-bingah margi saking pranatan Paduka.


Kawula badhe mbangung miturut dhumateng pitedah pepaken Paduka, awitdene Paduka sampun paring ombering manah kawula.


Mulane padha rumantia, amarga kowe ora ngreti dina rawuhe Gustimu.


Mulane padha meleka, awit kowe padha ora weruh dinane lan wayahe.”


Nuli ngandika marang sakabate katelu mau: “AtiKu sedhih banget, rasane kaya arep mati. Padha anaa ing kene, Aku rewangana melek.”


Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]


Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe ora tumiba ing panggodha; roh iku cumadhang, nanging daging iku ringkih.”


Saha mugi karsaa ngapunten dosa kawula, awitdene kawula inggih sami ngapunten dhateng saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih mugi kawula sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha.”


Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”


Sarawuhe ing kono, para sakabate padha dipangandikani: “Padha nyenyuwuna, supaya aja nganti klebu ing panggodha.”


Nuli padha dipangandikani: “Yagene kowe padha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya aja padha klebu ing panggodha.”


Kang tumiba ing padhasan iku wong kang bareng krungu pangandika mau banjur ditampani kalawan bungah, nanging iku ora ana oyode, anggone pracaya mung sadhela lan bareng kena cobaning ngaurip banjur padha murtad.


Awit bab kang ora bisa ditindakake dening angger-anggering Toret awit saka apese marga dening daging, wus katindakake dening Gusti Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak ana ing daging, nyami warni kaya daging kadosan awit saka dosa. Panjenengane wus matrapi paukuman tumrap dosa ana ing daging,


Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa. Sabab Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal negakake kowe kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Manawa kowe kena ing coba, Panjenengane bakal maringi marganing luwar, satemah kowe padha bisa mbetahake.


Padha meleka! Dibakuh ing pangandel! Dipadha lanang, disantosa!


Nanging aku nglatih badanku sarta dakreh ing sakabehe, supaya sawise ngabarake Injil marang wong liya, aja nganti aku dhewe ditampik.


Lan sapa kang dadi kagungane Sang Kristus Yesus, iku wus nyalib daging dalah sakabehing hawa nepsu lan pepenginane.


ing sajroning pandonga lan panyuwunmu kabeh. Padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meleka lan ditegen anggonmu padha nyenyuwun kanggo para suci;


Kawusanane samubarang kabeh wis cedhak. Marga saka iku dibisa ngemudheni dhirimu sarta disareh, supaya kowe padha bisa ndedonga.


Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.


dadi tetela, manawa Pangeran mirsa carane ngentasake wong mursid saka ing godha rencana sarta nyadhangake para wong duraka marang ing dina pangadilan bakal kasiksa,


“Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangane, supaya anggone lumaku aja nganti kalawan wuda lan katon kawirangane.”


Sarehne sira wus netepi marang pangandikaningSun, supaya kalawan sabar mantep nganti-anti marang Ingsun, mulane Ingsun iya bakal ngreksa sira ing dina pacoban kang bakal nekani ing sajagad kabeh kanggo ndadar wong kang padha manggon ing bumi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan