Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 26:21 - Kitab Sutji

21 Sajrone padha mangan, Gusti Yesus ngandika: “Satemene pituturKu marang kowe: Ana siji ing antaramu kang bakal ngulungake Aku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 26:21
11 Iomraidhean Croise  

“Kowe padha sumurup, yen kurang rong dina wis riyaya Paskah, dene Putraning Manungsa bakal kaulungake supaya kasalib.”


Para sakabat padha sedhih banget sarta padha munjuk genti-genti: “Rak sanes kawula, ta, Gusti?”


PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh; Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula.


Sawuse Gusti Yesus ngandika mangkono, Panjenengane banget trenyuh ing galih, sarta banjur paring paseksen mangkene: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Wong siji panunggalanmu bakal ngulungake Aku.”


Para sakabat tumuli padha pandeng-pandengan, kanthi melang-melang, sapa kang dipangandikakake iku.


Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.


Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan