Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 26:13 - Kitab Sutji

13 Sanyatane Aku pitutur marang kowe, ana ing ngendi bae Injil iki bakal diwartakake ing saindenging jagad, apa kang katindakake iku bakal tansah kapratelakake uga minangka dadi pangeling-eling marang dheweke.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 26:13
19 Iomraidhean Croise  

sabab ora bakal gonjing ing salawase, wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase,


Padha giyak-giyaka, padha surak-surak bebarengan, he gapuraning Yerusalem! Awit Pangeran Yehuwah wus nglipur umate, wus nebus Yerusalem.


Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakake ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabehing bangsa. Sawise iku lagi dina wekasan.”


Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswaKu, lan padha baptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci,


Nanging Injil kudu diwartak-wartakake dhisik marang sakabehing bangsa.


Aku pitutur marang kowe: Satemene anaa ing ngendi bae Injil kawartakake ing saindenging jagad iki, apa kang ditindakake iku iya bakal kacaritakake minangka pangeling-eling marang dheweke.”


Banjur ngandika marang para sakabat mau: “Padha njlajahana jagad iki kabeh, Injil wartakna marang sakabehing tumitah.


Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem.


Kornelius mandeng marang malaekat mau lan matur kalawan wedi: “Wonten punapa, Gusti?” Paring wangsulane malaekat mau: “Kabeh pandongamu lan sedhekahmu wus padha sumengka marang ing ngarsaning Allah sarta Gusti Allah enget marang kowe.


Ananging aku takon: Apa padha ora krungu? Sajatine wus padha krungu: “Swarane wus nyrambahi ing salumahing bumi, Sarta tembunge wis tekan ing tapel watesing jagad.”


marga saka dayaning tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sarta marga dening panguwaosing Sang Roh Suci. Iya mangkono iku, sajroning mider-mider wiwit saka kutha Yerusalem nganti tumeka ing tanah Ilirikum, aku wus ngabarake Injile Sang Kristus sakatoge.


Awit dudu wong kang ngalem awake dhewe kang tanggon, nanging wong kang dialem dening Pangeran.


Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu, lan wus kagelarake ana ing salumahing bumi sakurebing langit, lan aku iki, Paulus, kang wis dadi paladose.


kang wus padha koktampani. Injil mau metokake woh lan mekar nyrambahi ing sajagad, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu krungu lan mangreti temenan marang sih-rahmate Gusti Allah.


kang wus masrahake sarirane minangka panebus kanggo wong kabeh: iku kang dadi paseksen ing wektu kang wus pinasthi.


Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.


Lan aku tumuli weruh malaekat liyane mabur ing awang-awang ngasta Injil kang langgeng diwartakake marang wong kang padha manggon ana ing bumi lan marang sadhengah bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan,


Mulane – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel – lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan