Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 26:10 - Kitab Sutji

10 Nanging Gusti Yesus mirsa gagasane para sakabate, banjur ngandika: “Yagene kowe padha ngregoni wong wadon iki? Kang ditandukake marang Aku iki panggawe becik.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 26:10
24 Iomraidhean Croise  

Nalika padha dakkandhani kaya apa anggonku wus diayomi dening Gusti Allahku kang mahamirah, sarta apa kang dadi pangandikane Sang Prabu marang aku, ing kono pangucape: “Inggih sumangga sami tumandang mbangun!” Lan kanthi ngetog kakuwatan anggone padha nglakoni pagawean kang becik iku.


Apa kowe gelem goroh kagem Gusti Allah, apa kowe gelem ngapusi kagem Panjenengane?


Wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe, nanging Aku bakal ora salawase woworan karo kowe.


Sabab lenga iku kena didol bisa payu larang, lan dhuwite kena didanakake marang wong-wong miskin.”


Nanging Gusti Yesus ngandika: “Nengna bae wong iku. Yagene kowe padha gawe ribeding atine? Wong iku nindakake panggawe becik marang Aku.


Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana krabate kepala papan pangibadah iku kang teka lan matur: “Ingkang putra sampun tilar donya. Sampun ngribedi Sang Guru.”


Lan Gusti Allah kuwaos ngluberake sawernaning sih-rahmat marang kowe kabeh, supaya kowe padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwiha anggonmu nglakoni sarupaning panggawe becik.


kang satemene dudu Injil; mung ana wong sawatara kang mbingungake kowe lan kang sumedya nginger-inger Injile Sang Kristus.


Becike wong-wong kang padha nggegerake kowe iku padha ngebiria awake pisan bae!


Sabanjure aja ana kang gawe ribedku, marga ing awakku ana tandha-tandha kagungane Gusti Yesus.


Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus, supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah sadurunge, minangka ambah-ambahan kita.


temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,


muga karsaa paring panglipur lan nyantosakna atimu ing sajroning panggawe sarta pitembungan kang becik.


Iki tembung kang satuhu: “Manawa wong kapengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kapengin nindakake pagawean kang adi.”


lan kang wus kaseksenan panggawene becik, kayata: nggulawenthah anak, dhemen aweh pamondhokan, ngwisuhi sikile para sadulur kang tunggal pracaya, nulungi wong kang uripe kesrakat, cekake kang mrelokake sadhengah panggawe becik.


Wong kang nucekake awake saka ing piala, iku bakal dadi praboting omah kang wigati, disucekake, dianggep pantes dianggo ing lurahe lan dicawisake kanggo saben pagawean kang mulya.


Ngakune padha wanuh marang Gusti Allah, nanging diselaki kalawan tingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh lan duraka sarta ora bisa nindakake samubarang kang becik.


kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.


Wong-wong padha elingna, supaya padha sumuyud marang pamarentah lan para kang ngasta panguwasa, mbangun-miturut sarta padha cumadhang marang sadhengah panggawe becik.


Sarta wong-wong kita cikben iya padha nggegulang nglakoni panggawe becik, supaya bisa nyukupi kabutuhaning urip kang baku, amrih uripe aja nganti tanpa guna.


Iki tembung kang satuhu lan karepku kowe supaya yakin ngungkuli bab iku, amrih wong-wong kang wis padha pracaya marang Gusti Allah padha ngudi kanthi temen-temen nglakoni panggawe becik. Yaiku kang prayoga lan migunani tumrap manungsa.


muga-muga mirantenana kowe kalawan samubarang kabeh kang becik kanggo nindakake karsane, sarta nindakake ana ing antara kita apa sakeparenge, dening Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang sayogya kamulyakake nganti salawas-lawase! Amin.


Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi supaya manawa padha mitenah marang kowe, kowe diarani durjana, padha nyumurupi panggawemu kang utama sarta ngluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweni wong-wong mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan