Ingsun bakal damel wong Mesir nglawan padha wong Mesir, supaya padha perang, saben wong nglawan sadulure lan saben wong nglawan mitrane, kutha nglawan kutha, karajan nglawan karajan;
sira bakal ndeleng rawuhe Sang Yehuwah Gustine sakehing tumitah kang sinartan ing gludhug, lindhu lan swara kang ngedab-edabi, sinartan ing lesus lan prahara lan sinartan ing geni kang memangsa nganti gusis.
Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Malah ngluwihi iku, yaiku manawa Ingsun ndhatengake paukumaningSun patang warna kang abot-abot iku bareng, pedhang, pailan, kewan galak lan pageblug ana ing Yerusalem, kang nyirnakake manungsa lan kewan ing kono!
Reruntuhan, reruntuhan, bakal Sundadekake reruntuhan! Iki uga bakal ora lestari mangkono, nganti sarawuhe kang kagungan wewenang marang iku, kang bakal Sunparingake iku.”
Ing wektu iku bakal timbul geger gedhe kang asale saka Pangeran Yehuwah, nganti wong-wong padha candhak-cinandhak lan tempuh-tinempuh ing antarane kanca padha kanca.
lan bakal ana lindhu kang nggegirisi sarta ing kana kene bakal ana pageblug pes lan pailan, apadene bakal kalakon uga ana bab-bab kang ngagetake tuwin ilapat-ilapat kang nggegirisi saka ing langit.
Ana siji kang asma Agabus kang jumeneng sarta marga saka kuwaosing Roh ngandika, yen ing saindenging jagad bakal katekan pailan gedhe, kang iya kalakon uga nalika jamane Sang Nata Agung Klaudius.
Sarta Ingsun bakal nganakake mukjijat-mukjijat ana ing dhuwur, ana ing langit lan pratandha-pratandha ana ing ngisor, ana ing bumi: getih lan geni sarta kumeluning pega.
Tetembungan “sapisan engkas” iku nuduhake owah-owahane samubarang kang bisa digonjingake, kaya apa kang katitahake, supaya tetepa samubarang kang ora bisa gonjing.
Bareng Sang Cempe nglethek segel kang kanem, aku tumuli weruh: lah ana lindhu kang nggegirisi lan srengenge dadi ireng kaya kanthong wulu lan rembulan dadi abang mbranang kaya getih.
Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kang katelu aku krungu makluk kang katelu ngucap: “Mara ndelenga!” Tumuli aku weruh: lah, ana jaran ireng, kang nunggangi nyekel timbangan.
Aku tumuli krungu ana swara ing tengah-tengahe makluk papat iku tembunge: “Gandum sataker sadinar, lan sair telung taker sadinar. Ananging aja ngrusakake lenga lan anggur iku.”
Tumuli aku weruh: lah ana jaran ijo-kuning siji sarta kang nunggang jenenge si Pati, lan dietutake dening teleng palimengan. Lan iku padha kaparingan panguwasa mateni isining jagad saprapat srana pedhang, pailan sarta pageblug, tuwin kalawan kewan-kewan galak ing bumi.