Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 24:6 - Kitab Sutji

6 Kowe bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kaget, sabab iki kudu kalakon, ewadene iku durung wekasane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 24:6
32 Iomraidhean Croise  

ora wedi marang kabar kang ala, atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah,


Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”


lan matura mangkene: Panggalih dalem ingkang teteg tuwin ingkang tetep ayem, sampun ajrih, sarta panggalih dalem sampun ngantos gumeter awit saking tegesan kajeng bong kalih ingkang kumelun punika, punika mulad-mulading nepsunipun Rezin tuwin Aram saha anakipun Remalya.


Adhuh pedhange Sang Yehuwah, isih sapira suwene anggonmu banjur leren? Lumebua ing warangkamu maneh, menenga lan lerena!


“Anadene sira, he anaking manungsa, medhara wangsit lan mratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap bani Amon sarta panacade marang wong-wong iku: Pedhang, pedhange wus kaunus kanggo ngwutahake getih, wus kagebeg kanggo nyirnakake lan supaya gilap kaya kilat –


Bareng Sang Prabu Herodhes miyarsa kang mangkono iku, banget getere, mangkono uga wong sakutha Yerusalem kabeh.


Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakake ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabehing bangsa. Sawise iku lagi dina wekasan.”


Yen mangkono, kapriye pangandika kang tinulis ing Kitab Suci bisane kalakon, kang mratelakake, yen iki kudu kalakon mangkono?”


Manawa kowe padha tetep mantep, kowe bakal padha nampani uripmu.”


Sarta manawa kowe krungu pawarta bab peperangan lan kraman, aja padha kaget. Awit iku kabeh mesthi kudu kalakon dhisik, ewadene iku durung ateges, yen bakal enggal tumeka ing wekasaning jaman.”


Amarga Aku pitutur marang kowe, nas ing Kitab Suci iki iya kudu kayektenan tumraping Aku: Panjenengane bakal kaetang kagolongake para durjana. Amarga apa kang katulis tumrap ing Aku iku lagi kalakon.”


“Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah, iya kumandela ing Aku uga.


Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris.


supaya kowe aja padha enggal-enggal bingung lan kuwatir, marga saka wangsiting roh utawa marga saka pakabaran lan apa marga saka layang kang diakokake saka aku kabeh, kaya-kaya wus tumeka ing dinane Gusti.


Tumuli ana jaran liyane maju, ulese abang mbranang sarta kang nunggang kaparingan panguwasa ngilangi tentrem-rahayu saka ing bumi, supaya wong padha paten-pinatenan, lan uga kaparingan pedhang gedhe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan